PANGENTASAN 10:19 - Kitab Sutji19 Pangeran Yehuwah tumuli ngididake angin saka keblat kang kosok-balen, yaiku angin kulon kang banter banget, iku nggawa mumbul walange kacemplungake ing sagara Teberau, nganti ora ana walang siji bae kang kari ana tlatahe tanah Mesir. Faic an caibideil |
Kang teka saka ing lor bakal Sunedohake saka ing sira, lan bakal Sunbucal menyang nagara kang mati lan garing, pucuking pabarisane Suncemplungake ing sagara wetan, lan pethiting pabarisane ing sagara kulon, nuli mumbul ambune kang bacin lan gandane kang banger, awitdene wus nglakoni prakara kang gedhe,