Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 10:17 - Kitab Sutji

17 Kang iku sira ngapuraa dosaningsun sapisan iki bae lan nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira iku, supaya karsaa nyingkirake bebaya pati iku saka ingsun.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 10:17
13 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur ngandika marang abdining Allah mau: “Kula mugi kasuwunaken sih-piwelasipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, saha kula mugi panjenengan dongakaken, supados tangan kula saged wangsul malih.” Abdining Allah banjur nyuwunake sih-piwelase Pangeran Yehuwah, satemah astane Sang Prabu nuli bisa bali maneh, pulih kaya maune.


Sawuse mangkono wong-wonge padha dicidhukake dipurih mangan, nanging sawuse padha mangan, banjur padha alok: “Dhuh abdining Allah, kwali punika isi ingkang mejahi!” Dadine padha ora tahan mangan.


Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Prayoga, ingsun bakal nglilani sira lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah Allahira, ana ing pasamunan; mung aja nganti kadohen lakunira. Ingsun dongakna!”


Kodhok-kodhok iku bakal ngroyok sira lan para kawula lan abdinira.”


Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: “Sira sembahyanga marang Pangeran Yehuwah, supaya karsaa nyirnakake kodhok-kodhok iku saka ngarsaningsun lan saka para kawulaningsun, sabanjure ingsun bakal nglilani bangsa iku lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah.”


Sang Prabu Pringon banjur utusan nimbali Nabi Musa lan Rama Harun padha dipangandikani: “Sapisan iki Ingsun kaluputan, Pangeran Yehuwah kang leres, nanging ingsun lan para kawulaningsun kang padha luput.


Padha nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah, gludhuge Gusti Allah lan udan es iku wus cukup, ingsun bakal nglilani sira padha lunga, wus ora prelu sira kesuwen ana ing kene maneh.”


Dhuh Yehuwah, ing salebeting karubedan sami madosi Paduka; nalika bebendu Paduka tumempuh dhateng tiyang-tiyang wau, lajeng sami sesambat ing salebeting pandonga.


Wong-wong banjur padha sowan marang ngarsane Nabi Musa sarta matur: “Kula sampun sami damel dosa, dene ngantos nglawan dhateng Pangeran Yehuwah saha dhateng panjenengan; panjenengan mugi karsaa ndedonga dhateng Sang Yehuwah, supados karsaa nyirnakaken sawer-sawer punika saking kula.”


Simon mangsuli, ature: “Mugi panjenengan karsaa ndongakaken kula dhateng Pangeran, supados sadaya pangandika panjenengan tumrap kula punika sampun ngantos kelampahan.”


Ananging marga saka Sang Kristus, Gusti kita, lan marga saka sihe Sang Roh, kowe padha dakpituturi, para sadulur, aku padha rewangana ndedonga marang Gusti Allah,


Panjenengane wus nguwalake lan bakal nguwalake aku kabeh saka ing pati kang nggegirisi banget iku: iya marang Panjenengane iku anggonku nggantungake pangarep-arep, yen Panjenengane bakal ngluwari aku kabeh maneh,


Dene sapunika mugi panjenengan apunten dosa kula. Karsaa wangsul nyarengi lampah kula, kula badhe sujud ngabekti dhateng Sang Yehuwah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan