Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 10:15 - Kitab Sutji

15 Sarehne walang-walang mau mratani salumahe tanah kabeh, mulane nagarane dadi peteng; walange padha mangani saanane tetuwuhan lan pala-gumantung sisane udan es, sakehe wit-witan lan tanem-tuwuh ing satanah Mesir wus ora ana ijone sathithik-thithika.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 10:15
11 Iomraidhean Croise  

Tanem tuwuhe wong Mesir dipakakake marang ama uler, tuwin wohing rekasane marang walang.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira ayatna marang ing tanah Mesir, nekakna walang, lan walang-walang mau ngebyuka ing sawratane tanah Mesir lan mangana saanane tetuwuhan sapira kang ora rusak marga anane udan es.”


Walang mau bakal nutupi lumahe bumi nganti ora katon lemahe, sarta bakal mangani nganti entek sabarang kang isih kari kang ora rusak marga anane udan es, dalasan sakehe wit-witan kang thukul ana ing tanahira iku bakal padha dimangsa nganti ludhes kabeh.


walang iku ora duwe ratu, nanging padha baris kanthi tumata,


Sisane walang kang ngrikiti kapangan dening walang alihan, lan sisane walang alihan kapangan dening walang mlumpat, sarta sisane walang mlumpat kapangan dening walang kethaha.


Ingsun bakal paring marang sira pulihe taun-taun kang pametune entek kamangsa dening walang alihan, walang kang mlumpat, walang kang kethaha lan walang kang ngrikiti, wadya-balaningSun kang gedhe kang Sunutus menyang ing tengahira


Nalika walang mau wiwit ngentekake thethukulan ing bumi, nuli unjukku: “Dhuh Pangeran Yehuwah, mugi Paduka karsaa paring pangapunten! Kadospundi Yakub anggenipun saged lestantun? Piyambakipun rak alit, ta?”


Sang Nata tumuli utusan nimbali Bileam bin Beor menyang ing Petor kang ana ing sapinggire bengawan Efrat, menyang ing nagarane para mitrane tunggal bangsa, piwelinge mangkene: “Lah ana sawijining bangsa kang teka saka ing Mesir kang nganti nglimputi salumahe bumi; iku lagi lereb ana ing ngarepku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan