Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 10:13 - Kitab Sutji

13 Nabi Musa banjur ngayatake tekene marang ing tanah Mesir, sarta Pangeran Yehuwah tumuli ngididake angin wetan marang tanah kono nganti sadina muput lan sawengi natas, bareng wayah esuk angin wetan mau nggawa walang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 10:13
11 Iomraidhean Croise  

Nanging ora let suwe ana wulen gandum pitu thukul, kuru-kuru lan alum marga saka angin wetan.


Gusti Allah ngandika, banjur ana walang, lan iku walang memangsa kang tanpa wilangan kehe,


he geni lan udan es, salju lan pedhut, angin prahara kang nindakake sabdane;


Pangeran ngididake angin wetan ana ing awang-awang lan nggiring angin kidul kalawan kakiyatane;


Tanem tuwuhe wong Mesir dipakakake marang ama uler, tuwin wohing rekasane marang walang.


Nabi Musa banjur ngayatake astane marang ing sadhuwure sagara, Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake banyune larud marga saka angin wetan kang banter nganti sawengi natas, sagarane dadi gasik, banyune kapiyak.


walang iku ora duwe ratu, nanging padha baris kanthi tumata,


Nanging Pangeran Yehuwah ndhatengake prahara ana ing sagara, temah ing sagara kono banjur ana prahara gedhe, praune nganti meh-meh bae pecah ambyar.


Bareng srengenge wus katon, Gusti Allah ndhatengake angin wetan kang panas banget, temah sorote srengenge mau gawe gerahe mustakane Nabi Yunus; Nabi Yunus banjur ambruk lan ngajap supaya seda, pangandikane: “Luwih becik aku mati bae tinimbang urip.”


Wong-wong padha gumun, pangucape: “Iki wong apa ta, dene dalasan angin lan sagara kok iya padha ngestokake dhawuhe!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan