1 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira sebaa marang Pringon, dene Ingsun wus mangkotake atine lan atine para abdine, supaya Ingsun nindakake pratandha-pratandha ana ing tengahe.
Mulane Ingsun bakal ngegarake astaningSun lan nggebag tanah Mesir klawan sarupane kaelokan, kang bakal Suntandukake ana ing tengahe. Sawuse mangkono nuli bakal nglilani sira lunga.
Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.
Manawa Pringon ora ngrungokake marang sira, ing kono Ingsun bakal ndhawahake astaningSun marang tanah Mesir sarta ngirid wadya-balaningSun, iya umatingSun Israel metu saka tanah Mesir, kalawan paukuman-paukuman kang abot.
Nanging Pangeran Yehuwah muguhake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Nanging mulane sira isih Sunlestarekake urip, iku marga Ingsun karsa ngatingalake kakiyataningSun marang sira lan supaya asmaningSun kaluhurna ana ing salumahing bumi.
Sang Prabu Pringon banjur utusan nimbali Nabi Musa lan Rama Harun padha dipangandikani: “Sapisan iki Ingsun kaluputan, Pangeran Yehuwah kang leres, nanging ingsun lan para kawulaningsun kang padha luput.
“Panjenengane wus padha micakake mripate lan mangkalake atine, supaya aja padha nganti ndeleng sarana mripate lan mangreti sarana atine, temah padha mratobat sarta Sunwarasake.”
Marga ing Kitab Suci ana pangandika marang Sang Prabu Pringon, mangkene: “Yaiku sababe anggoningSun ngadegake sira, yaiku supaya Ingsun bisa ngatingalake panguwaosingSun ana ing sira, sarta AsmaningSun supaya kasuwurna ing salumahing bumi.”
Jalaran saka pangrehe Sang Yehuwah, atine wong mau pada diwangkotake, temah padha perang nglawan wong Israel, amrih pada katumpes, ora diwelasi, nanging pada disirnakake, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Bilai kita! Sapa kang nguwalake kita saka astane Gusti Allah kang nggegirisi banget iku? Iku iya Gusti Allah kang nggebagi wong Mesir srana wewelak rupa-rupa ana ing pasamunan.