Sang Prabu Abimelekh banjur ngandika marang Rama Iskak: “Panjenengan kula aturi tindak saking ngriki, margi pangwaos panjenengan ngungkuli pangwaos kula sanget.”
Pangandikane Gusti Allah: “Ingsun iki Allah, iya Allahe bapakira, sira aja wedi lunga menyang Mesir, awitdene ana ing kana sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe.
Pangandikane Sang Prabu Pringon maneh: “Delengen, cacahe bangsamu ana ing nagara kene wus akeh banget, mangka sira kok arep nglerenake anggone nyambut-gawe peksan!”
Lan aku sumurup, manawa sakehing kangelan lan sakehing kabisan ing bab nindakake pagawean iku yaiku meri marang wong liya. Iku uga bab kang tanpa guna lan ateges mburu angin.
Amarga ing maune urip kita iya padha tanpa budi: wangkal, nasar, kawengku ing hawa-nepsu rupa-rupa lan kapencut, laku kita nuruti piala lan drengki, rusuh, sengit-sinengitan.
Aja duwe pangira, manawa Kitab Suci iku tanpa sabab anggone ngandika: “Roh kang wis kadunungake Gusti Allah ana ing kita, dikarsakake kanthi butajengan.”