Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 1:7 - Kitab Sutji

7 Wong Israel banjur padha bebranahan lan ora kena dietung cacahe; mundhak dadi akeh matikel-tikel, nganti ngebaki nagara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 1:7
29 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah tumuli ngandika: “Ing banyu anaa makhluk urip kang pating kruwel uyel-uyelan lan bangsa manuk mabura ing sadhuwure bumi ngliwati pepenthengan.”


Tumuli padha diberkahi lan dipangandikani: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna. Iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabehing sato-kewan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.”


Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.


Lan turunira bakal Suntangkarake dadi kaya lebune bumi, dadine manawa ana kang bisa ngetung lebune bumi, turunira iya bakal kena dietung.


Rama Abram banjur diirid medal ing jaba sarta dipangandikani: “Sira tumengaa marang ing langit lan lintange etungen, yen sira bisa ngetung cacahe.” Tumuli disambeti pangandika maneh: “Iya samono bakal cacahe turunira.”


iku bakal Sunberkahi, dene sira iya bakal Sunparingi anak lanang patutan saka somahira iku, lan iya bakal Sunberkahi temah bakal dadi ibune bangsa pirang-pirang, lan bakal nurunake para raja.”


mulane sira bakal Sunberkahi nganti luber lan turunira bakal Suntangkar-tangkarake cacahe nganti kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ing pinggir segara, sarta turunira bakal ngebeki gapurane mungsuhe.


Rama Iskak banjur pindhah saka ing kono sarta ndhudhuk sumur liyane, nanging ora nganti dadi grejegan. Sumur iku diparingi jeneng: Rehobot, dene pangandikane: “Saiki Sang Yehuwah wus maringi omber marang kita, temahan kita padha bisa bebranahan ana ing tanah kene.”


Karomaneh Ingsun bakal ngakehake turunira kaya lintang ing langit; lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh; sarta marga saka turunira sakehe bangsa ing bumi bakal binerkahan.


Turunira bakal dadi kaya lebuning bumi lan sira bakal ngambra-ambra mangetan, mangulon, mangalor lan mangidul, sarta marga saka sira lan turunira sakehe golongan ing bumi bakal padha kaberkahan.


Sarta dipangandikani maneh dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira bebranahana lan tangkar-tumangkara; ana bangsa, malah golonganing bangsa kang bakal dumadi saka sira, lan bakal ana raja-raja kang asale saka sira.


Pangandikane Gusti Allah: “Ingsun iki Allah, iya Allahe bapakira, sira aja wedi lunga menyang Mesir, awitdene ana ing kana sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe.


Anadene pamanggone Israel ana tanah Mesir iku ana ing tanah Gosyen, lan padha dadi pendhudhuk ing kono, sarta padha bebranahan lan tangkar-tumangkar nganti dadi akeh banget.


Sang Malaekat kang wus nguwalake aku saka sarupaning bebaya, muga karsaa mberkahi bocah-bocah anom iki, supaya dadia jalarane jenengku sarta asmane eyangku lan ramaku, iya Eyang Abraham lan Rama Iskak dadi misuwur marga saka bocah-bocah iki, sarta padha ngambra-ambra nganti dadi akeh banget ana ing bumi.”


sarta aku dipangandikani: Lah sira bakal Sundadekake bebranahan lan tangkar-tumangkar, sarta Sundadekake gegolonganing bangsa. Apadene turunira bakal Sunparingi tanah iki dadi ebeke ing salawas-lawase.


Gusti Allah tumuli mberkahi marang Rama Nuh lan marang para putrane, sarta padha kapangandikanan mangkene: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara sarta ngebakana bumi.


Turunipun Paduka tangkar-tangkaraken, cacahipun kados lintang ing langit, saha Paduka irid dhateng ing tanah, ingkang Paduka dhawuhaken dhateng para leluhuripun, supados dipun lebeti saha dipun ejegi.


Pangeran Yehuwah banjur ndadosake umate tangkar-tumangkar, kadadekake santosa ngluwihi para mungsuhe;


Anadene wong iku padha banget diberkahi dening Pangeran, temah banjur banget anggone ngambra-ambra, tuwin raja-kayane padha didadekake nak-kumanak.


Nanging sanadyan panindhese mundhak dina mundhak abot, ewasamono malah saya wuwuh lan tangkar-tumangkar, temahan wong padha rumangsa wedi marang wong Israel.


Sawuse mangkono wong Israel tumuli padha budhal saka ing Raamses menyang Sukkot, cacahe wong lanang kang mlaku dharat kira-kira ana nem atus ewu, durung bocah-bocahe.


Pangandikane Sang Prabu Pringon maneh: “Delengen, cacahe bangsamu ana ing nagara kene wus akeh banget, mangka sira kok arep nglerenake anggone nyambut-gawe peksan!”


lan dadi gedhe kaya tetuwuhan ing ara-ara! Sira dadi gedhe tuwin wus cukup umurira, malah banjur wus diwasa; payudaranira menter-menter, rambutira wus thukul, nanging sira wuda mblejed.


Allahipun bangsa Israel sampun milih leluhur kita, tuwin kadadosaken bangsa ingkang ageng, nalika dados tiyang neneka wonten ing tanah Mesir, tumunten kairid medal saking nagari wau dening Panjenenganipun kalayan astanipun ingkang luhur.


Para leluhurmu anggone menyang ing tanah Mesir cacah-jiwane pitung puluh, nanging saiki Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, wus ndadekake cacah-jiwamu kaya lintang ing langit.”


Kowe banjur nglairna pangaku ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mangkene: Leluhur kawula rumiyin punika tiyang Aram, tiyang nglembara, lajeng kesah dhateng Mesir kanthi mbekta brayat sakedhik, dados tiyang neneka wonten ing ngriku, mangka wonten ing ngriku lajeng dados bangsa ingkang ageng, kiyat sarta kathah cacahipun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan