5 Turune Rama Yakub iku gunggunge kabeh ana pitung puluh, nanging Sang Yusuf wus ana ing tanah Mesir.
Anadene Sang Yusuf iku tetep pamanggene ana ing tanah Mesir dalah kulawargane, yuswane Sang Yusuf iku nyandhak satus sepuluh taun.
Marga saka iku Gusti Allah banjur paring kamirahan marang bidhan-bidhan mau, dene bangsa iku saya wuwuh akeh maneh nganti tikel-matikel.
Dhan lan Naftali, Gad lan Asyer.
Sang Yusuf lajeng utusan mboyongi ingkang rama Yakub saha sadaya sanak sadherekipun, cacah jiwa wonten pitung dasa gangsal.
Para leluhurmu anggone menyang ing tanah Mesir cacah-jiwane pitung puluh, nanging saiki Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, wus ndadekake cacah-jiwamu kaya lintang ing langit.”
Sang Gidheon iku kagungan putra kakung pitung puluh, iku putrane piyambak kabeh, amarga garwane akeh.