Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 1:21 - Kitab Sutji

21 Sarehne bidhan-bidhan iku padha ngabekti marang Gusti Allah, mulane padha dilestarekake turune.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 1:21
14 Iomraidhean Croise  

Lan manawa sira ngrungokake marang kang Sundhawuhake kabeh marang sira lan lumaku ing dalan kang Suntedahake sarta nindakake apa kang bener ana ing paningalingSun kalawan tansah nglakoni sakehe katetepan lan dhawuhingSun kayadene kang wus katindakake dening abdiningSun Dawud, Ingsun nganthi marang sira tuwin bakal maringi marang sira turun kang santosa kaya kang wus Sunparingake marang Dawud, lan Ingsun bakal maringake wong Israel marang sira.


Awit saking punika, demi Sang Yehuwah ingkang gesang, ingkang njejegaken kula saha ingkang nglenggahaken kula ing dhamparipun Sang Prabu Dawud, rama kula, saha ingkang maringi kula brayat kados ingkang kaprasetyakaken: ing dinten punika ugi Adhonia kedah dipun pejahi.”


Haleluya! Rahayu wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, kang banget kasengsem marang sakehing pepakone,


Kidung jiyarah anggitane Prabu Suleman. Manawa dudu Pangeran Yehuwah kang yasa omah, tanpa gawe panggarape tukange; manawa dudu Pangeran Yehuwah kang ngreksa marang kita, tanpa gawe wong jaga anggone melek.


Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah, wohing wetengan iku sawijining pituwas.


Kumandela marang Pangeran Yehuwah lan nindakna kabecikan, tetepa pamanggonmu ana ing nagara sarta tumindaka kang setya,


Nanging bidhan-bidhan mau wedi marang Gusti Allah, mulane ora ngestokake dhawuhe Sang Raja ing Mesir, dadi bayi-bayine kang lanang iya padha diuripi.


Srana kawicaksanan omah iku kaadegake, lan kasantosakake dening kapinteran;


Sanadyan wong dosa lan kang nglakoni piala ping satus dawa umure, nanging aku sumurup, manawa wong kang wedi marang Gusti Allah iku bakal oleh kaslametan, amarga padha wedi marang pangayunane.


“Lungaa maranana wong trah Rekhab, rembugana karo para wong iku lan iriden menyang ing padalemane Sang Yehuwah ana ing sawijining kamar, nuli ombenana anggur!”


Lah Ingsun bakal ngadegake Imam kang kena dipracaya, kang lakune condhong karo panggalihingSun, lan karo jiwaningSun, lan Ingsun bakal nuwuhake turun kang setya tuhu, temah iku bakal urip ana ing ngarepe kang Sunjebadi.


Panjenengan dalem mugi karsaa ngapunten kalepatanipun abdi dalem, amargi Sang Yehuwah temtu badhe mbangun malih tedhak-turun panjenengan dalem ingkang santosa; panjenengan dalem punika nindakaken perangipun Sang Yehuwah, lan boten wonten ingkang awon ingkang pinanggih ing panjenengan dalem ing sasugeng panjenengan dalem.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan