Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 1:20 - Kitab Sutji

20 Marga saka iku Gusti Allah banjur paring kamirahan marang bidhan-bidhan mau, dene bangsa iku saya wuwuh akeh maneh nganti tikel-matikel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 1:20
17 Iomraidhean Croise  

nanging sapira dhuwure langit ngungkuli bumi, iya samono gedhene sih-kadarmane tumrap para kang ngabekti marang Panjenengane;


Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan, prajanjiane diengeti ing salawase.


Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah padha dijurungi kekarepane, dipiyarsakake pasambate banjur padha diluwari.


Kawula mugi Paduka parengaken manggen wonten ing kemah Paduka ing salami-laminipun, sarta ngayom wonten ing aubing swiwi Paduka! (Selah)


Aku arep ngrungokake apa kang dadi pangandikaning Allah, Pangeran Yehuwah. Rak tentrem rahayu kang bakal didhawuhake marang umate lan marang para kekasihe, supaya aja nganti bali marang ing kapunggungane maneh?


Nanging sanadyan panindhese mundhak dina mundhak abot, ewasamono malah saya wuwuh lan tangkar-tumangkar, temahan wong padha rumangsa wedi marang wong Israel.


Unjuke bidhan-bidhan iku marang Sang Prabu Pringon: “Kauningana, tiyang estri Ibrani punika boten sami kaliyan tiyang estri Mesir, sami kiyat-kiyat; saderengipun bidhan dhateng, bayi sampun lair.”


Wong Israel banjur padha bebranahan lan ora kena dietung cacahe; mundhak dadi akeh matikel-tikel, nganti ngebaki nagara.


Wong duraka oleh bebathen kang muspra, nanging sing sapa nyebar kabeneran oleh ganjaran kang tetep.


Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangake marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang bakal males panggawene iku.


Sanadyan wong dosa lan kang nglakoni piala ping satus dawa umure, nanging aku sumurup, manawa wong kang wedi marang Gusti Allah iku bakal oleh kaslametan, amarga padha wedi marang pangayunane.


Pratelakna manawa wong bener iku rahayu! Amarga bakal mangan wohing panggawene.


Apadene sing sapa aweh banyu kang seger marang salah sawijining wong cilik iki sanadyana mung sacangkir, marga iku sakabatKu, Aku pitutur marang kowe satemene: wong iku mesthi bakal tampa pituwase.”


Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.


Tuwin rahmate turun-tumurun tumrap wong kang wedi asih marang Panjenengane.


Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan