Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 1:17 - Kitab Sutji

17 Nanging bidhan-bidhan mau wedi marang Gusti Allah, mulane ora ngestokake dhawuhe Sang Raja ing Mesir, dadi bayi-bayine kang lanang iya padha diuripi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 1:17
22 Iomraidhean Croise  

Rama Abraham mangsuli ature: “Panginten kula, ing ngriki babar pisan boten wonten panembah dhateng Gusti Allah, pramila kula mesthi badhe dipun pejahi margi saking semah kula.


Bareng telung dinane Sang Yusuf ngandika marang para sadhereke: “Kowe padha nglakonana mangkene, supaya bisa urip, aku bekti marang Gusti Allah.


Ewadene dhawuhe Sang Prabu kapeksa kudu diestokake dening Senapati Yoab lan para senapati liyane. Senapati Yoab lan para senapati liyane nuli padha mangkat nindakake dhawuhe Sang Prabu, nganakake pendhaftaran ana ing antarane bangsa Israel.


Nanging para bupati sadurunge aku iku padha ngebot-eboti sesanggane rakyat. Para bupati iku padha mundhuti kanggo roti lan anggur sadinane patang puluh sekel salaka; malah para andhahane padha meres rakyat. Nanging aku ora tumindak mangkono, amarga wedi marang Gusti Allah.


Para abdine Sang Prabu kang ana ing gapuraning kraton, banjur padha ngucap marang Mordekhai: “Punapaa dene panjenengan kok nerak dhawuhipun Sang Prabu?”


Sakathahing lambe cidra kajengipun dados bisu, ingkang nyendhu dhateng tiyang burus kalayan kumethak lan nyenyampahi!


Sang Raja ing Mesir banjur nimbali bidhan-bidhan mau sarta padha didangu: “Yagene sira tumindak mangkono, isih nguripi bayi-bayi iku?”


Sarehne bidhan-bidhan iku padha ngabekti marang Gusti Allah, mulane padha dilestarekake turune.


Katresnan lan kasetyan iku njalari dosa kaapura, sarta wedi-asih marang Sang Yehuwah iku margane wong ngedohi piala.


Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala, Ingsun sengit marang piangkuh, ambek kumlungkung, sarta polah-tingkah kang ala, apadene cangkem kang kebak cidra.


Wasana minangka pungkasane kang kapireng yaiku: wedia marang Gusti Allah lan netepana pepaken-pepakene, awit iki kuwajibane saben wong.


Sanadyan wong dosa lan kang nglakoni piala ping satus dawa umure, nanging aku sumurup, manawa wong kang wedi marang Gusti Allah iku bakal oleh kaslametan, amarga padha wedi marang pangayunane.


Sawuse mangkono para priyayi mau tumuli sowan ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk pitaken bab larangane Sang Prabu: “Gusti kawula rak ngundhangaken awisan, ing salebetipun tigang dasa dinten punika saben tiyang ingkang nyenyuwun dhateng salah satunggaling dewa utawi manungsa, boten namung mligi dhumateng gusti kawula, dhuh Sang Prabu, badhe kacemplungaken ing luwenging singa?” Paring wangsulane Sang Prabu: “Prakara iku wus katemtokake miturut angger-anggere bangsa Medhia lan Persia, kang ora kena diceled.”


Efraim wus katindhes, karemuk dening paukuman, awit kenceng anggone ngenut kang tanpa guna.


Awitdene pranatane Omri kang sira tetepi, sarta pokale brayate Akhab kang sira tiru, apadene rancangane kang sira tindakake: satemah sira Sundadekake samun, lan para wongira Sundadekake poyokan; kalawan mangkono sira bakal nyangga panacading para bangsa.”


Aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni raga, nanging ora bisa mateni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengane, kang bisa ngrusak karo-karone ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu.


Kowe padha Daktuduhi, sapa kang kudu kokwedeni. Padha wedia marang Panjenengane, kang sawise mateni iya kawasa nyemplungake wong menyang ing naraka. Sabenere Aku pitutur marang kowe: Iya Panjenengane iku kang kudu kokwedeni.


Rasul Petrus lan para rasul banjur padha mangsuli, ature: “Kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa.


Sang Prabu nuli ndhawuhi para prajurit kang ngadhep ana ing ngarsane: “Majua lan para imame Sang Yehuwah iku padha patenana, amarga padha mbyantu Dawud; amarga sanadyan wis padha ngreti, yen Dawud iku minggat ewadene ora padha ngaturi pirsa marang ingsun.” Nanging para punggawane Sang Prabu ora ana kang kumlawe tangane nempuh marang para imame Sang Yehuwah mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan