16 “Samangsa sira nulungi wong wadon bangsa Ibrani kang nglairake anak, sira kudu namatake, manawa bayine lair lanang, enggal sira patenana, dene yen wadon kena lestari urip.”
Sang Prabu Pringon tumuli dhawuh marang para kawulane kabeh: “Sakehe anake wong Ibrani kang lair lanang padha cemplungna ing bengawan Nil, dene kang wadon iku uripana.”
Nanging bareng wong-wong kang nyewa weruh anake mau, banjur padha rasanan mangkene: Iku ahli warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh.
Ratu punika ngempakaken paekan dhateng bangsa kita, para leluhur kita dipun siya-siya saha dipun purih mbucali bayi-bayinipun, supados bangsa kita punika sampun ngantos tumangkar.
Marga saka pracaya Nabi Musa, sawiyose, diumpetake dening rama-ibune lawase telung sasi, amarga padha nguni-ngani, manawa bayi iku bagus rupane sarta ora wedi marang prentahe Sang Prabu.
Pethite nyered sapratelone lintang-lintang ing langit, banjur ditibakake marang bumi. Naga mau mapan ana ing ngarepe wanita kang arep nglairake iku, sedyane arep nguntal Putrane sang wanita, samangsa miyos.