PANGENTASAN 1:14 - Kitab Sutji14 uripe digawe nandhang pait-getir sarana pagawean kang abot banget, yaiku nggarap lempung lan gawe bata, pagawean warna-warna ana ing ara-ara, ringkese: sarupane pagawean kang ditrapake kanthi peksan dening wong Mesir. Faic an caibideil |
kang dipangandikakake marang rakyat iku miturut rembuge para nonoman: mangkene pangandikane: “Ramaningsun ndadekake aboting ayahanira kabeh, nanging ingsun bakal muwuhi bubuhanira iku; ramaningsun wus ngajar sira kabeh kalawan sambuk, nanging ingsun bakal ngajar sira kalawan sambuk kang mawa eri wesi.”