Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 1:11 - Kitab Sutji

11 Mulane tumuli ngangkat pemimpin-pemimpin wong nyangga karya kang kadhawuhan nglurahi lan nindhes wong Israel kanthi matrapi pagawean peksan, didhawuhi ngedegake kutha Pitom lan Raamses kanggo gedhong patandhone Sang Prabu Pringon.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 1:11
21 Iomraidhean Croise  

Sang Yehuwah banjur ngandika marang Rama Abram: “Wruhanira ing satemene, turunira bakal dadi wong manca ana ing tanah kang dudu duweke, sarta bakal padha ngawula lan katindhes nganti patang atus taun lawase,


Sang Yusuf tumuli mrenahake pamanggone kang rama lan sadulur-sadulure, padha diedumi wewenang nduweni bumi ana ing kono, kaya kang kadhawuhake dening Sang Prabu Pringon.


lan ing sakehe kutha pasimpenan kagungane Sang Prabu Suleman, ing kutha-kutha panggonane kareta, ing kutha-kutha panggonaning wong nunggang jaran sarta ana ing ngendi bae kang dikarsakake Sang Prabu Suleman anggone arep yeyasa ana ing Yerusalem ana ing gunung Libanon, utawa ana ing sawewengkone nagara kang dikwaosi kabeh.


Sang Prabu Benhadad karsa minangkani pamundhute Sang Prabu Asa banjur dhawuh marang para tetindhihing wadya-bala supaya padha nempuh kutha-kutha Israel. Iku nuli padha ngalahake Iyon, Dhan, Abel-Maim lan sakehe papan pasimpenan ing kutha-kutha ing Naftali.


Sawuse mangkono Sang Nata nyantosani Tadmor kang ana ing pasamunan lan sakehe kutha pasimpenan, kang kaedegake ana ing Hamat.


Sarta padha ngumbara saka panggonane bangsa kang siji, menyang panggonane bangsa sijine, saka ing karajan kang siji menyang panggonane suku bangsa sijine;


Kidung jiyarah. Banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom, – kareben Israel ngucap mangkono –


banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom, ewadene padha ora bisa ngalahake aku.


Para rajane wadya-bala kabeh padha lolos, padha keplajeng, para wong wadon kang tunggu omah padha ngedum-edum barang jarahane.


Kang pinacak dadi pepakon marang Rama Yusuf, nalika Gusti Allah miyos nglurugi tanah Mesir. Aku krungu bangsa kang aku durung tau weruh.


uripe digawe nandhang pait-getir sarana pagawean kang abot banget, yaiku nggarap lempung lan gawe bata, pagawean warna-warna ana ing ara-ara, ringkese: sarupane pagawean kang ditrapake kanthi peksan dening wong Mesir.


Kacarita bareng Sang Musa wus diwasa, tindak-tindak nuweni para kadange, kepengin nguningani anggone nindakake pagawean peksan; nuli mirsa ana wong Mesir menthung wong Ibrani, panunggalane para kadange.


Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsarane umatingSun kang ana ing Mesir, sarta wus miyarsa panangise marga saka kang padha nindhes. Ingsun nguningani kasangsarane.


Para pambereging bangsa mau lan para mandhore nuli padha tutur marang umat: “Dhawuhe Sang Prabu Pringon mangkene: Sira iku wus ora sunparingi damen maneh.


Jalaran saka iku para mandhor Israel mau padha seba marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon, ngaturake prakara iku, unjuke: “Para abdi dalem punapaa dene sami panjenengan dalem etrapi kados mekaten?


Nanging setorane bata ajeg cacahe kaya wingi-wingine, ora kena disuda, marga wong-wong iku kesed. Mulane padha bengok-bengok: Kawula mugi kalilana kesah badhe saos kurban dhateng Allah kawula.


Panasing ati iku daksiya, lan nepsu iku ngamuk, nanging sapa kang kuwat nyangga butarepan?


bilih leluhur kawula sami pindhah dhateng ing tanah Mesir, ngantos lami anggen kawula sami manggen wonten ing Mesir, mangka tiyang Mesir sami daksiya dhateng kawula saha para leluhur kawula.


Nalika tiyang Mesir nganiaya lan nindhes dhateng kawula sadaya, kawula dipun etrapi padamelan ingkang awrat,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan