PANGANDHARING TORET 9:9 - Kitab Sutji9 Nalika aku wus munggah ing gunung bakal nampani papan watu, iya papaning prasetyan damelane Pangeran Yehuwah kang wus katetepake karo kowe, aku banjur nginep ana ing dhuwur gunung kono lawase nganti patang puluh dina patang puluh bengi, ora mangan roti lan ora ngombe banyu. Faic an caibideil |
Nanging atur wangsulane: “Sampun! Punapa panjenengan dalem adatipun inggih mejahi ingkang panjenengan dalem tawan kaliyan pedhang saha kaliyan jemparing dalem? Sami panjenengan dalem paringi nedha tuwin ngombe, supados sami nedha lan ngombe, saha lajeng kajengipun sami wangsul dhateng ing gustinipun.”
Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”
Mulane atimu diesorake, kowe ditegakake keluwen, sarta kowe diparingi mangan man, kang durung tau kokweruhi lan para leluhurmu iya durung tau weruh, supaya kowe ngerti yen uripe manungsa iku ora mung marga saka roti bae, nanging manungsa iku uripe marga saka samubarang kang dipangandikakake dening Sang Yehuwah.
Aku banjur tumelung sujud ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, kaya kang dhisik, ora mangan roti lan ora ngombe banyu, kabeh mau marga saka dosa kang wus padha koklakoni, yaiku kowe wus padha duwe pokal kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, nganti njalari gerahing panggalihe.