PANGANDHARING TORET 9:7 - Kitab Sutji7 “Elinga, aja lali, yen kowe wus padha ndadekake dukane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan. Wiwit budhalmu saka ing tanah Mesir nganti tekamu ing kene iki, kowe tansah padha nglawan marang Pangeran Yehuwah. Faic an caibideil |
Nanging turune Israel ana ing ara-ara samun padha mbalela marang Ingsun; lakune padha ora manut ing katetepaningSun sarta padha nampik marang pranataningSun, mangka wong kang nindakake bakal urip. Kasucening dina-dina SabatingSun uga banget anggone katerak. Mulane karsaningSun bakal padha Sunesoki bebenduningSun ana ing ara-ara samun iku sarta bakal kasirnakake.
Nanging banjur padha mbalela marang Ingsun lan ora gelem ngrungokake marang Ingsun; saben wong ora mbuwang dewa-dewane kang marakake najis, kang tansah dipandeng sarta ora ninggal brahala-brahala Mesir. Mulane karsaningSun bakal ngesokake bebenduningSun marang wong-wong iku, Sundhawahi dedukaningSun sakatoge ana ing satengahe tanah Mesir.
banjur nglawan marang Gusti Allah lan marang Nabi Musa, pangucape: “Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanah Mesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki? Ing ngriki boten wonten roti lan boten wonten toya, mangka kula sampun sami bosen dhateng tetedhan ingkang boten wonten raosipun punika.”
Anadene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus nundhungi bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, kowe aja padha duwe osik ing atimu: Marga saka lelabetanku Pangeran Yehuwah anggone ngirid aku lumebu lan ngebeki nagara iki; sanyatane marga saka pamblasare bangsa-bangsa iku anggone padha ditundhungi metu dening Sang Yehuwah saka ing ngarepmu.