Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 9:6 - Kitab Sutji

6 Kang iku kawruhana, yen ora marga saka lelabetanmu anggone Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, maringake nagara kang becik iku marang kowe supaya dadi duwekmu. Satemene kowe iku bangsa kang wangkot.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 9:6
19 Iomraidhean Croise  

Lah saiki aja padha ngakokake githokmu, kaya para leluhurmu. Masrahna awakmu marang Pangeran Yehuwah lan padha menyanga ing pasucen kang wus kasucekake kanggo ing salawas-lawase sarta padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya bebendune kang mulad-mulad sumingkira saka ing kowe kabeh.


Sarta maneh panjenengane mbalela marang Sang Prabu Nebukadnezar, kang wus dhawuh marang panjenengane supaya supaos dhemi Allah. Sang Prabu Zedhekia ngakenake githoke lan mangkotake panggalihe sarta ora mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.


apadene aja padha kaya para leluhure, kang padha wangkot lan mbalela, jenis kang ora antepan tuwin kang nyawane ora setya marang Gusti Allah.


Karomaneh pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Ingsun wus nyatitekake bangsa iki, lah iki bangsa kang wangkal.


yaiku tanah kang luber puwan lan madu, sabab Ingsun ora bakal tindak ana ing tengahira, marga sira iku bangsa kang wangkal, supaya sira ora Suntumpes ana ing dedalan.”


unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”


Anadene turune padha mbangkang lan wangkot atine; sira Sunutus nemoni bangsa iku, padha kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah.


Anadene sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun, marga saka asmaningSun, ora nandukake marang sira kang satimbang kalawan pratingkahira kang ala lan nistha, heh turune Israel, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Mulane turune Israel iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ora marga saka sira anggoningSun tumindak iku, he, turuning Israel, nanging marga saka asmaningSun kang suci kang sira najisake ana ing satengahe para bangsa kang padha sira tekani.


Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.


Mulane padha netakana atimu lan aja wangkot maneh.


Ing nalika iku kowe padha dakprentahi mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus maringake nagara iki marang kowe dadi duwekmu, nanging sapira panunggalanmu kang gagah prakosa, padha nyabranga kalawan sikep gegaman ana ing ngarepe para sadulurmu, wong Israel;


Awitdene aku ngerti marang wangkote atimu lan kakune githokmu. Salagine aku isih urip ana ing tengahmu bae, kowe wus padha ngatonake wangkotmu marang Sang Yehuwah, mendahane maneh yen aku wus ngajal.


Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang aku: Bangsa iki wus Sunsekseni, pancen bangsa kang wangkot.


Malah kowe iku padha nglawan marang Sang Yehuwah wiwit aku wanuh karo kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan