PANGANDHARING TORET 9:5 - Kitab Sutji5 Ora marga saka lelabetan utawa saka jujuring atimu anggonmu lumebu ngejegi nagarane, nanging marga saka pamblasare para bangsa iku, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone nundhungi metu saka ing ngarepmu, sarta maneh supaya netepana prajanjine kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Yakub. Faic an caibideil |
Paduka mugi karsaa enget dhateng abdi Paduka, Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Israel, ingkang sampun Paduka paringi prasetya kanthi supaos dhemi sarira Paduka pribadi saha sami Paduka pangandikani: Turunira bakal Suntangkar-tangkarake nganti kaya lintang ing langit, lan tanah kang wus Sunjanjekake iku kabeh bakal Sunparingake marang turunira, supaya dadi darbeke ing salawas-lawase.”
Inggih panjenengan sadaya punika ingkang maris pameca-pameca punika saha angsal bagean tumrap ing prajanjian ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah kalayan leluhur kita, inggih punika nalika Panjenenganipun ngandika dhateng Rama Abraham: Marga saka turunira, kabeh bangsa salumahing bumi bakal kabarkahan.