PANGANDHARING TORET 9:4 - Kitab Sutji4 Anadene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus nundhungi bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, kowe aja padha duwe osik ing atimu: Marga saka lelabetanku Pangeran Yehuwah anggone ngirid aku lumebu lan ngebeki nagara iki; sanyatane marga saka pamblasare bangsa-bangsa iku anggone padha ditundhungi metu dening Sang Yehuwah saka ing ngarepmu. Faic an caibideil |
Ora marga saka lelabetan utawa saka jujuring atimu anggonmu lumebu ngejegi nagarane, nanging marga saka pamblasare para bangsa iku, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone nundhungi metu saka ing ngarepmu, sarta maneh supaya netepana prajanjine kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Yakub.