Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 9:26 - Kitab Sutji

26 mulane aku nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah, unjukku: Dhuh Gusti Allah, mugi sampun ngantos nyirnakaken umat Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka tebus kaliyan kaluhuran Paduka saha ingkang sampun Paduka entasaken saking tanah Mesir kanthi asta ingkang rosa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 9:26
36 Iomraidhean Croise  

Lan pundi wonten bangsa ingkang kados umat Paduka Israel ing salumahing bumi, ingkang Gusti Allahipun tumindak ngluwari bangsa punika, kadadosaken umatipun, supados angsala asma kagem Panjenenganipun srana nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang ageng lan nggegirisi kangge tiyang-tiyang punika, lan nundhungi para bangsa lan para allahipun saking ngajenging umatipun?


awit punika umat Paduka tuwin kagungan Paduka, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir saking satengahing dhapur pangleburan tosan.


Amargi Paduka ingkang sampun misahaken tiyang-tiyang wau saking antawisipun sadaya bangsa ingkang wonten ing bumi, Paduka dadosaken kagungan Paduka, kadosdene ingkang sampun Paduka pangandikakaken lumantar Nabi Musa, abdi Paduka, nalika Paduka ngirid leluhur kawula sadaya medal saking ing tanah Mesir, dhuh Pangeran Yehuwah!”


Punika rak sami dados para kawula Paduka, inggih umat Paduka ingkang sampun Paduka luwari srana kasekten Paduka ingkang ageng saha asta Paduka ingkang rosa.


Mulane Pangeran ngandika bakal numpes para leluhur, yen ajaa Nabi Musa pepilihane, nengahi ana ing ngarsaning Pangeran, nyirep bebendune temah Panjenengane ora sida nyirnakake para leluhur.


Mangkonoa pangucape para wong kang padha katebus dening Yehuwah, kang ditebus saka ing pangwasane kang gawe susah,


Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka, tuwin karsaa mberkahi kagungan Paduka piyambak, mugi Paduka angen sarta Paduka panggul ing salami-laminipun.


Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika lumajeng saka ing ngarsane Sang Prabu Saul menyang ing guwa.


Paduka punika Gusti Allah ingkang nindakaken kaelokan; Paduka sampun nglairaken pangwaos Paduka wonten ing tengahipun para bangsa.


padha kelingan, yen Gusti Allah iku peparange, lan Gusti Allah Kang Mahaluhur iku dadi Juru Panebuse.


Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane para imame, tuwin nabi Samuel iku panunggalane kang padha nyebut asmane, iku padha nyebut asmaning Yehuwah, nuli kaparingan wangsulan.


Kalayan sihsusetya Paduka, anggen Paduka ngirid umat tetebusan Paduka; saha Paduka tuntun lampahipun sarana kasekten Paduka dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci.


Ingkang punika manawi kawula pancen angsal sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, panyuwun kawula mugi kawula kasumerepna dhateng ing pangreh Paduka, supados kawula sageda mangertos Paduka, supados kawula tetep nampeni sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka. Paduka mugi karsaa enget, bilih bangsa punika umat Paduka.”


unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”


Surak-suraka, he langit, awit Pangeran Yehuwah wus tumandang, sumyak-sumyaka, he telenging bumi! Padha gambiraa kalawan surak-surak, he gunung-gunung, he alas dalasan sakehe wit-witane kang ana ing kono! Sabab Sang Yehuwah wus nebus Yakub, sarta Panjenengane wus ngatingalake kamulyane ing bab Israel.


Kawontenan kawula punika kados-kados saking ing jaman kina kawula sami dereng nate wonten ing sangandhaping paprentahan Paduka, kados-kados asma Paduka dereng nate kasebutaken tumrap kawula sadaya.


Paduka mugi sampun nampik kawula sadaya, amargi saking asma Paduka, sampun ngantos nyepelekaken kaluhuranipun dhampar Paduka. Mugi ngengetana dhateng prasetyan Paduka kaliyan kawula sadaya, sampun Paduka batalaken!


Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sanadyan Musa lan Samuel seba ana ing ngarsaningSun, galihingSun ora bakal bali maneh marang bangsa iku. Tundhungen saka ngarsaningSun kareben lunga!


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mirsani saha niti-priksa, sinten ingkang Paduka etrapi makaten punika, punapa tiyang estri kedah nedha wohing wetenganipun piyambak, inggih bayi-bayi ingkang taksih wonten ing bopongan; punapa imam tuwin nabi kedah dipun pejahi wonten ing pasucenipun Pangeran?


Awitdene sira rak wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, Sunluwari saka ing pangawulan sarta Ingsun rak wus ngutus Musa lan Harun, sarta Miryam minangka pangarepira?


Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.


Kowe padha elinga yen ing biyen kowe iya padha dadi batur ana ing tanah Mesir, banjur kowe ditebus dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mulane kowe dakprentahi mangkono ing dina iki.


Paduka mugi karsaa ngawontenaken pirukun kangge umat Paduka Israel, ingkang sampun Paduka tebus punika; dhuh Yehuwah, umat Paduka Israel mugi sampun ngantos Paduka dhawahi rahipun tiyang ingkang boten lepat. Margi saking rah punika lajeng sampun dipun wontenaken pirukun kangge tiyang-tiyang punika.


Awitdene kang dadi pandumane Pangeran Yehuwah iku umate, Eyang Yakub iku kang katetepake dadi kagungane piyambak.


nanging marga Pangeran Yehuwah ngasihi marang kowe lan karsa netepi supaose kang didhawuhake marang para leluhurmu, mulane kowe padha dientasake kalawan asta kang rosa lan ditebus saka ing omah pangawulan, saka ing astane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang aku, mangkene: Sira ngadega, dienggal mudhuna, awit bangsanira kang sira entasake saka ing tanah Mesir iku wus nglakoni duraka; enggal temen anggone padha nyleweng saka ing dalan kang wus Sundhawuhake, wus padha gawe sesembahan reca cor-coran.


Paduka mugi karsaa ngengeti dhateng para abdi Paduka Eyang Abraham, Iskak lan Yakub; sampun ngantos ngengeti dhateng wangkoting manahipun bangsa punika, punapa malih dhateng duraka saha dosanipun;


Bangsa punika rak kagungan Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka entasaken margi saking kasekten Paduka ingkang linangkung, saha klayan lengen Paduka ingkang kaulukaken?”


kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem Panjenengane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.


sarta Panjenengane wus lumebet ing pasucen sapisan kanggo salawas-lawase, ora ngasta getihing wedhus lanang sarta getihing pedhet, nanging ngasta rahe piyambak. Lan marga saka iku Panjenengane wus ngangsalake panebus kang langgeng.


Sarta padha ngidungake kidung anyar, tembunge: “Paduka sembada nampeni gulungan kitab punika sarta ngletheki segelipun; amargi Paduka sampun kapragat lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben golongan saha basa tuwin bangsa miwah umat kagem Gusti Allah,


Sawuse iku Nabi Samuel mundhut cempe suson lan dicaosake kabeh marang Sang Yehuwah kagawe kurban obaran. Lan bareng Nabi Samuel ndongakake wong Israel marang Sang Yehuwah, Sang Yehuwah nyembadani panyuwune.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan