Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 9:24 - Kitab Sutji

24 Malah kowe iku padha nglawan marang Sang Yehuwah wiwit aku wanuh karo kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 9:24
13 Iomraidhean Croise  

apadene aja padha kaya para leluhure, kang padha wangkot lan mbalela, jenis kang ora antepan tuwin kang nyawane ora setya marang Gusti Allah.


Nanging wangsulane Rama Harun: “Sampun ngantos duka bendara kula, panjenengan pirsa piyambak bilih bangsa punika sampun kawengku ing piawon,


Sira ora krungu utawa sumurup, uga kupingira ora kawengakake wiwit biyen mula; nanging Ingsun wus nguningani, manawa sira tumindak kiyanat kang nistha banget, lan wong ngarani sira: wong kang mbalela wiwit ana ing sajrone guwa-garba.


Patrape kaya wong kang tunggu pategalan, ngubengi saka ing keblat papat; amarga Yehuda wus mbalela marang Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. –


Nanging banjur padha mbalela marang Ingsun lan ora gelem ngrungokake marang Ingsun; saben wong ora mbuwang dewa-dewane kang marakake najis, kang tansah dipandeng sarta ora ninggal brahala-brahala Mesir. Mulane karsaningSun bakal ngesokake bebenduningSun marang wong-wong iku, Sundhawahi dedukaningSun sakatoge ana ing satengahe tanah Mesir.


Mung bae aja padha mbalela marang Sang Yehuwah, lan aja wedi marang bangsa ing nagara kono, marga mesthi bakal kita ganyang nganti entek. Wong-wong mau wus koncadan kang dadi pangayomane, mangka Pangeran Yehuwah nunggil kalawan kita, mulane wong-wong iku aja padha kokwedeni.”


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tekene Harun iku sira balekna maneh menyang ing ngarepe pethi angger-angger, kasimpena minangka pratandha kanggo para wong kang duraka, temah panggrundele wus sira ilangi lan ora Sunpireng maneh, supaya aja padha mati.”


Tiyang boten sumerep dhateng kasangsaraning bani Yakub, lan boten saged ningali kasisahanipun tiyang Israel, margi tinunggil dening Pangeran Yehuwah Allahipun, sami surak-surak, margi Sang Nata wonten ing satengahipun.


Mangka saiki kowe padha madeg nggenteni bapak-bapakmu, sawijining grombolan wong dosa, arep padha muwuhi bentering bebendune Pangeran Yehuwah marang wong Israel iku.


Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.


Awitdene aku ngerti marang wangkote atimu lan kakune githokmu. Salagine aku isih urip ana ing tengahmu bae, kowe wus padha ngatonake wangkotmu marang Sang Yehuwah, mendahane maneh yen aku wus ngajal.


Anadene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus nundhungi bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, kowe aja padha duwe osik ing atimu: Marga saka lelabetanku Pangeran Yehuwah anggone ngirid aku lumebu lan ngebeki nagara iki; sanyatane marga saka pamblasare bangsa-bangsa iku anggone padha ditundhungi metu dening Sang Yehuwah saka ing ngarepmu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan