Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 9:23 - Kitab Sutji

23 Mangkono uga nalika Sang Yehuwah dhawuh marang kowe supaya mangkat saka ing Kadesy-Barnea, pangandikane: Padha mangkata, ngejegana nagara peparingingSun marang sira, ing kono kowe padha mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe ora nggugu marang Panjenengane lan ora ngestokake dhawuhe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 9:23
13 Iomraidhean Croise  

awit padha ora pracaya marang Gusti Allah, sarta ora padha kumandel marang pitulungane.


Ewadene lajeng sami mbalela sarta damel sungkawaning Rohipun ingkang suci; mila Panjenenganipun lajeng santun dados mengsahipun, saha nglawan perang piyambak dhateng umatipun.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:


Ing kono wong saumat kabeh padha mbengok, sarta wong sabangsa iku padha nangis sawengi natas,


karodene padha ngedumeli marang Nabi Musa lan Imam Harun, sarta padha matur: “Adhuh bok inggiha kula sami pejah wonten ing tanah Mesir kemawon, utawi wonten ing pasamunan ngriki!


Mung bae aja padha mbalela marang Sang Yehuwah, lan aja wedi marang bangsa ing nagara kono, marga mesthi bakal kita ganyang nganti entek. Wong-wong mau wus koncadan kang dadi pangayomane, mangka Pangeran Yehuwah nunggil kalawan kita, mulane wong-wong iku aja padha kokwedeni.”


Saka ing gunung Horeb metu pagunungan Seir tekan Kadesy-Barnea iku lakon sawelas dina.


Panjenengane ngandika: Ingsun bakal ngaling-alingi wadananingSun tumrap ing wong-wong iku; Sunpirsani bakal kapriye wekasane; awitdene iku bangsa kang keblinger, anak kang padha ora setya-tuhu,


Amarga kia uga padha kawartanan kabar kabungahan, padha kaya wong-wong iku, nanging pangandika kang kawartakake iku tanpa guna tumrap wong-wong mau, jalaran ora kinanthenan pracaya dening kang padha ngrungokake iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan