Wong-wong tumuli padha madoni Nabi Musa, ature: “Kula panjenengan paringi toya, supados sami saget ngombe!” Pangandikane Nabi Musa: “Yagene kowe kok padha madoni aku? Lan padha nyoba marang Pangeran Yehuwah?”
Panggonan iku banjur diarani Masa lan Meriba, marga wong Israel padha madoni lan padha nyoba marang Pangeran Yehuwah, tembunge: “Pangeran Yehuwah iku ana ing satengah kita apa ora?”
Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Padupane jupuken, wenehana geni saka ing misbyah, lan dokokana dupa, umat iku enggal paranana lan nganakna pirukun kanggo wong-wong iku, awitdene bebendune Pangeran Yehuwah wus mulad-mulad, wewelak mau wus wiwit nempuh.”
Tumrap Lewi, unjuke: “Tumim saha Urim Paduka punika dadosa gadhahanipun tiyang ingkang Paduka kasihi, ingkang sampun Paduka cobi wonten ing Masa saha ingkang sampun Paduka pabeni wonten ing sacelakipun tuk ing Meriba;