Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 9:21 - Kitab Sutji

21 Nanging wohing panggawemu kang dosa, yaiku reca pedhet mau dakjupuk lan dakobong, nuli dakgecak lan dakgiling nganti lembute sabledug; bubukane banjur dakbuwang menyang ing kali kang mili saka ing gunung.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 9:21
9 Iomraidhean Croise  

Malah Sang Putri Maakha, kang eyang putri, kalungsur pangkate anggone jumeneng ibusori, jalaran yasa reca Asyera kang nistha. Reca kang nistha iku kaebrukake dening Sang Prabu Asa lan kaobong ana ing lebake kali Kidron.


Sang Nata dhawuh mbubrahi sakehe misbyah lan tugu brahala, ngremuki lan nggecaki sakehe reca tatahan sarta nggecaki sakehe padupan ing saindenging tanah Israel. Sawuse mangkono Sang Nata banjur kondur menyang ing Yerusalem.


Reca pedhet gaweane wong-wong mau banjur dipundhut dening Nabi Musa, diobong sarta diejur-ejur nganti dadi lembut banget, tumuli disawurake ing banyu lan wong Israel padha didhawuhi ngombe banyu iku.


Kowe bakal nganggep najis marang reca-recamu kang sinelut ing salaka utawa kang kalapis emas; iku bakal kokbuwang kayadene lawon kang najis kanthi kokcelathoni: “Sumingkira!”


Lah ing dina iku sawiji-wijining panunggalanmu bakal mbuwangi brahala-brahalane salaka lan brahala-brahalaning emas kang digawe dening tanganmu dhewe kalawan kebak dosa.


Lah Efraim wus ngakehake misbyah, misbyah-misbyah iku njalari banjur padha nindakake dosa.


Reca-recane bakal padha diremuk lan sakehe pituwase laku bedhang bakal padha kaobong, lan sakehe brahalane bakal Sunsirnakake; awitdene kabeh mau kaklumpukake srana opahane laku bedhang, mulane bakal bali dadi opahaning bedhang maneh.


Kamas Harun iya didukani banget, nganti karsane iya bakal ditumpes. Kamas Harun iya dakdongakake uga ing nalika samana.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan