PANGANDHARING TORET 9:19 - Kitab Sutji19 Aku ndhredheg nyumurupi duka lan bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad marang kowe, nganti karsane bakal numpes marang kowe kabeh. Nanging ing sapisan iki Pangeran Yehuwah iya nyembadani panyuwunku. Faic an caibideil |
Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Lah Ingsun nganakake prajanjian. Ana ing ngarepe bangsanira kabeh, Ingsun bakal nindakake kaelokan kang durung tau kelakon ana ing salumahing bumi ing satengahe sakehe bangsa; temah bangsanira kabeh bakal padha nyipati pakaryaning Yehuwah, awitdene apa kang bakal Suntindakake marang sira iku nyata-nyata nggegirisi.