Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 9:18 - Kitab Sutji

18 Aku banjur tumelung sujud ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, kaya kang dhisik, ora mangan roti lan ora ngombe banyu, kabeh mau marga saka dosa kang wus padha koklakoni, yaiku kowe wus padha duwe pokal kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, nganti njalari gerahing panggalihe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 9:18
11 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Dawud nyenyuwun marang Gusti Allah kanggo kang putra iku, panjenengane nglampahi siyam kanthi tumemen lan bareng lumebet ing dalem sawengi natas tansah nggluntung ana ing jogan.


Mulane panjenengane nuli wungu tuwin dhahar lan ngunjuk, sarta marga saka dayaning dhaharan mau panjenengane banjur bisa tindak nganti patang puluh dina patang puluh bengi suwene, nganti tekan ing gununging Allah, yaiku gunung Horeb.


Sawuse iku Imam Ezra jumeneng mundur saka ing ngarepane padalemane Gusti Allah, tumuli lumebet ing kamare Yohanan bin Elyasib, sarta nyare ana ing kono, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu, amarga isih prihatos jalaran saka panggawene para wong buwangan kang ora setya mau.


Mulane Pangeran ngandika bakal numpes para leluhur, yen ajaa Nabi Musa pepilihane, nengahi ana ing ngarsaning Pangeran, nyirep bebendune temah Panjenengane ora sida nyirnakake para leluhur.


Nabi Musa anggone ana ing kono kalawan Sang Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu. Anadene panjenengane nyerati sakehing tetembunganing prajanjian ana ing papan watu, yaiku Sabda Sepuluh.


unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”


Aku banjur ana ing dhuwur gunung maneh, lawase patang puluh dina patang puluh bengi kaya kang dhisik, sarta sapisan iki Sang Yehuwah uga nyembadani panyuwunku; Pangeran Yehuwah ora bakal numpes marang kowe.


Ing kono papan watu loro mau dakcekel kalawan kenceng banget, dakbanting saka ing tanganku loro, lan dakremuk ana ing ngarepmu.


Aku tumuli sujud ana ing ngarsane Sang Yehuwah, – anggonku sujud patang puluh dina patang puluh bengi –, marga wus ana pangandikane Pangeran Yehuwah, yen bakal numpes marang kowe kabeh,


Nalika aku wus munggah ing gunung bakal nampani papan watu, iya papaning prasetyan damelane Pangeran Yehuwah kang wus katetepake karo kowe, aku banjur nginep ana ing dhuwur gunung kono lawase nganti patang puluh dina patang puluh bengi, ora mangan roti lan ora ngombe banyu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan