PANGANDHARING TORET 9:17 - Kitab Sutji17 Ing kono papan watu loro mau dakcekel kalawan kenceng banget, dakbanting saka ing tanganku loro, lan dakremuk ana ing ngarepmu. Faic an caibideil |
Aku banjur tumelung sujud ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, kaya kang dhisik, ora mangan roti lan ora ngombe banyu, kabeh mau marga saka dosa kang wus padha koklakoni, yaiku kowe wus padha duwe pokal kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, nganti njalari gerahing panggalihe.