Gunung Sinai katutupan ing pega kabeh, marga Sang Yehuwah nedhaki gunung mau ing sajroning geni; pegane kumelun kaya kukus ing pawon, lan gununge banget anggone gonjang-ganjing.
Nabi Musa tumuli ngathungake tekene marang langit, Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake gludhug lan udan es, sarta ana geni kang nyamber-nyamber marang bumi. Pangeran Yehuwah anggone nurunake udan es mau mratani satanah Mesir.
Ing kono kowe banjur padha nyedhak sarta ngadeg ana ing ngisore sikile gunung, mangka gununge murub lan genine nganti sundhul ing langit ing sajroning peteng ndhedhet.
“Nalika kowe padha krungu swara iku saka ing satengahe pepeteng kang ndhedhet, mangka gununge murub, kowe yaiku, para sakehe pemimpining talermu lan para tuwa-tuwamu padha nyedhaki aku,
Aku tumuli weruh, sanyata-nyata kowe wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus padha gawe reca pedhet cor-coran; enggal temen anggonmu padha nyleweng saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Sang Yehuwah marang kowe.