Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 9:14 - Kitab Sutji

14 Ingsun aja sira penggak, bangsa iki bakal Suntumpes lan jenenge Sunsirnakake saka ing sangisore langit; nanging sira bakal Sundadekake bangsa kang luwih kwasa lan luwih akeh cacahe tinimbang bangsa iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 9:14
19 Iomraidhean Croise  

ing samangke kawula kok lajeng sami nglirwakaken malih dhateng pepaken Paduka srana bebesanan kaliyan para bangsa ingkang nistha punika? Manawi makaten mesthi kawula sami badhe Paduka bendoni ngantos tumpes tapis, temah sampun boten wonten kekantunanipun satunggal-tunggala ingkang gesang utawi oncat.


Mulane Pangeran ngandika bakal numpes para leluhur, yen ajaa Nabi Musa pepilihane, nengahi ana ing ngarsaning Pangeran, nyirep bebendune temah Panjenengane ora sida nyirnakake para leluhur.


saturunipun sami tumpesa, tuwin namanipun kasirnakna ing turun candhakipun,


Amargi Paduka ingkang mbelani prakawis kawula lan wewenang kawula, temah kawula angsal kaleresan, Paduka lenggah ing dhampar jumeneng Hakim ingkang adil.


Pangeling-eling marang wong bener iku ngolehake berkah, nanging jenenge wong duraka dadi bosok.


Turunira bakal kaya wedhi tuwin anak-putunira kehe kaya laslasane; jenenge ora bakal kasirnakake utawa kasingkirake saka ing ngarsaningSun.”


Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sira aja ndedonga amrih becike bangsa iki!


Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sanadyan Musa lan Samuel seba ana ing ngarsaningSun, galihingSun ora bakal bali maneh marang bangsa iku. Tundhungen saka ngarsaningSun kareben lunga!


“Nanging sira aja ndongakake bangsa iki; sira aja ngunjukake pesambat lan panyuwun apadene sira aja ngungset marang Ingsun kanggo wong-wong iku, amarga Ingsun ora bakal miyarsakake sira.


Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.


Pangeran Yehuwah mesthi ora ngapura marang wong kang mangkono iku, malah bakal kataman ing bebendu lan kasujanane Pangeran Yehuwah kang makantar-kantar, sarta bakal katempuh ing sakehe sumpah kang katulisan ana ing kitab iki, apadene Sang Yehuwah bakal nyirnakake jenenge saka ing sangisoring langit;


Ingsun mesthine kudu ngandika: Bakal padha Sundamoni. Pangeling-eling marang wong-wong iku bakal Sunsirnakake saka ing antarane para manungsa,


Sing sapa unggul, iku bakal dienggoni sandhangan putih kaya mangkono; lan jenenge mesthi bakal ora Sunbirat saka ing buku kauripan, sarta jenenge bakal Sunakeni ana ing ngarsane RamaningSun lan ing ngarepe para malaekate.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan