PANGANDHARING TORET 9:1 - Kitab Sutji1 “He wong Israel, rungokna. Saiki kowe bakal nyabrang bengawan Yarden, arep lumebu sarta ngenggoni tanahe bangsa-bangsa kang cacahe lan kakuwatane ngungkuli kowe, yaiku kang kutha-kuthane gedhe lan mawa balowarti kang dhuwure nganti sundhul ing langit; Faic an caibideil |
Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”
“Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid kowe lumebu ing tanah kang kokparani lan bakal kokejegi, sarta wus nundhungi bangsa pirang-pirang saka ing ngarepmu, yaiku wong Het, wong Girgasi, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, bangsa pitu kang cacahe lan kekuwatane ngungkuli kowe,
nganti para sedulurmu iku iya padha kaparingan katentreman kaya kowe kabeh sarta iya ngenggoni nagara, kang bakal kaparingake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu. Sawuse mangkono kowe padha balia menyang ing nagaramu dhewe lan ngenggoni nagara kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah ana ing sabrange bengawan Yarden ing papan pletheking srengenge.”
Milanipun kula mugi panjenengan paringi pareden, ingkang sampun kajanjekaken Sang Yehuwah kala samanten; panjenengan piyambak kala samanten rak sampun mindhanget pawartos, bilih ing ngriku dipun enggeni bangsa Enak, saha wonten kithanipun ingkang ageng-ageng santosa. Bokmanawi Sang Yehuwah karsa nunggil kaliyan kula, temah sami kenging kula tundhung kados ingkang sampun kapangandikakaken Sang Yehuwah.”
banyu kang mili saka ing dhuwur banjur mambeg. Banyu kang mili saka ing dhuwur angendhukur dadi bendungan, dawa banget nganti tekan ing sacedhake kutha Adam, kang kaprenah ana ing sisihe Sartan; dene banyu kang mili menyang ing Segara Araba, yaiku Segara Asin, iku pedhot babar pisan. Bangsa Israel tumuli padha nyabrang prenahe ana ing ngarepe kutha Yerikho.