Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:9 - Kitab Sutji

9 nagara kang ora kekurangan pangan, lan kowe ora bakal padha kekurangan apa-apa; nagara kang watune ngandhut wesi lan saka ing gununge kowe bakal ndhudhuk tembaga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:9
8 Iomraidhean Croise  

Lah sanadyan ana ing sajroning kasusahan, ingsun wus nyawisake kanggo padalemaning Sang Yehuwah iku emas satus ewu talenta lan salaka sayuta talenta sarta tembaga lan wesi akeh banget, nganti bobote ora kena katimbang; ingsun uga wus nyawisake kayu lan watu. Nanging prayogane sira wuwuhana maneh.


Karodene Sang Prabu Dawud nyawisake wesi akeh banget kanggo gawe paku kang kanggo gapura lan bakale angkur, uga tembaga akeh banget kang nganti ora kena tinimbang bobote,


Wesi didhudhuk saka ing lemah sarta tembaga metu saka ing watu kang ingejer.


Wesi lan tembaga dadia slaraking lawangmu, lan kasantosanmu lestaria sajege uripmu.


Kowe bakal mangan nganti wareg, lan kowe banjur bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marga saka nagara kang becik kang diparingake marang kowe iku.


Tanah kang sugih gandum lan sair, wit anggur, wit anjir sarta wit delima; nagara kang ana wite jaitun lan ana madune,


sarta dipangandikani mangkene: “Padha muliha menyang ing kemahmu klawan nggawa kasugihan akeh lan raja-kaya akeh banget, apadene selaka, mas, tembaga lan wesi, tuwin sandhangan kang luwih dening akeh. Barang rayahan saka mungsuhmu iku edum-edumen karo para sadulurmu.”


Satekamu ing kana kowe bakal nrenjuhi rakyat kang tentrem uripe, sarta tanahe iku jembar alang-ujure. Lah Gusti Allah wus ngulungake iku marang ing tanganmu; iku panggonan kang ora kekurangan samubarang kang ana ing salumahing bumi.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan