Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:8 - Kitab Sutji

8 Tanah kang sugih gandum lan sair, wit anggur, wit anjir sarta wit delima; nagara kang ana wite jaitun lan ana madune,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:8
23 Iomraidhean Croise  

Kuldine bakal dicancang ana ing wit anggur lan belone ana ing wit anggur pilihan. Sandhangane dikumbah nganggo anggur lan jubahe ing duduhe woh anggur.


Kapinujon wong kang jaga kori dalem iku ngantuk, lan keturon, nalika lagi nginteri gandum.


Dene Sang Prabu Suleman banjur nyaosi marang Sang Prabu Hiram gandum rong puluh ewu kor, bahan pangan kanggo saisining kraton, lan lenga cocohan rong puluh kor; iku kang dicaosake dening Sang Prabu Suleman marang Sang Prabu Hiram ing saben taun.


nganti sarawuhingsun prelu mboyongi sira kabeh menyang ing nagara kang kaya nagaranira iki, sawijining nagara kang sugih gandum lan anggur, sawijining nagara kang sugih roti lan kebon anggur, sawijining nagara kang sugih wit jaitun, sugih lenga lan sugih madu; kalawan mangkono sira bakal padha urip lan ora bakal padha mati. Mung bae aja padha ngrungokake tembunge Hizkia, sabab dheweke ngapusi sira kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah bakal ngluwari kita!


Panjenengane kang nentremake satanah wewengkonmu, maregi kowe kalawan pepethinganing gandum.


Para wong kang sengit marang Pangeran Yehuwah, bakal nyembah ndilat sampeyane, lan iki wis dadi nasibe ing salawas-lawase.


Ing dinten punika saben panggenan ingkang limrahipun kathukulan wit anggur sewu sarta ingkang reginipun sewu sekel salaka, badhe dados panggenaning piskucing saha rumput.


Sira wus Sunirid menyang ing tanah kang loh, supaya ngrasakna wohe lan sapametune kabeh kang becik saka ing kono. Nanging bareng sira wus lumebu ing tanahingSun, iku sira najisake, tanah kagunganingSun sira dadekake jejember.


Bakal padha ngentekake panenan lan panganira, bakal mangan anakira lanang lan wadon nganti entek, bakal ngentekake wedhus-wedhusira lan sapi-sapinira, bakal padha ngentekake wit anggurira lan wit anjirira, lan nggempur kalawan pedhang, kutha-kuthanira kang sentosa, kang sira andelake.”


Yuda lan tanah Israel dedagangan karo sira; iku padha ngijolake gandum saka Minit, blendok mur, madu, lenga lan balsem dilirokake karo barang daganganira.


Tumuli iku bakal Sunsebar ana ing bumi lan dadi kagunganingSun, lan Ingsun bakal paring piwelas marang Lo-Rukhama, tuwin Ingsun bakal ngandika marang Lo-Ami, iku: Sira iku umatingSun! Dene iku bakal munjuk: Dhuh Allah kawula!”


Mulane Ingsun bakal mundhut baline gandumingSun ing kala mangsane, lan angguringSun ing saben wektune, apadene ngrampas wol lan lenaningSun kang kanggo nutupi kawirangane.


Nanging wong-wong mau siji-sijine bakal lungguh ana ing sangisore wite anggur dhewe, lan ana ing sangisoring wite anjir dhewe lan ora ana wong kang gawe kagete, marga lesane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah kang ngandika mangkono.


Sanadyan wit anjir boten medal sekaripun, sarta wit anggur boten wonten wohipun, wit jaitun wohipun damel gela, sanadyan pategilan-pategilan boten ngedalaken bahan tedha, menda sami medal saking kandhangipun, saha ing kandhang boten wonten lembunipun,


Satekane ing lebak Eskol, padha ngethok pange wit anggur dalah wohe sadhompol, banjur dipikul wong loro; mangkono uga padha nggawa woh delima lan woh anjir sawatara.


Banjur iya diklumpukake oleh rolas wakul kebak isi cuwilan roti sair lima mau, yaiku sisane kang wus padha dipangan dening wong-wong mau.


“Punika wonten lare ingkang mbekta roti sair gangsal kaliyan ulam loh kalih, nanging punika nggawer sapinten kangge tiyang samanten kathahipun punika?”


Diyasakake tetunggangan kang bisa ngambah ing tengger-tenggering bumi, diparingi pangan pametune pategalan, didadekake nesep madu saka ing gunung parang lan lenga saka ing watu kelang,


kaniling puwane sapi lan puwane wedhus, karo gajihing cempe lan wedhus gembel lanang saka ing Basan, apadene wedhus berok, kalawan gandum pilihan, sarta getihing woh anggur kang dadi omben-omben, anggur kang munthuk.


Mulane, he Israel, padha ngrungokna! Iku kabeh padha lakonana kalawan temen-temen, supaya kowe padha ginanjar slamet lan supaya padha tangkar-tumangkar, kaya kang wus dijanjekake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe ana ing tanah kang luber puwan lan madu.


awitdene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu ngirid kowe lumebu ing nagara kang becik, nagara kang ana kaline, ana sendhange, kang mili saka ing lebak-lebak lan saka ing gunung-gunung.


nagara kang ora kekurangan pangan, lan kowe ora bakal padha kekurangan apa-apa; nagara kang watune ngandhut wesi lan saka ing gununge kowe bakal ndhudhuk tembaga.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan