Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:7 - Kitab Sutji

7 awitdene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu ngirid kowe lumebu ing nagara kang becik, nagara kang ana kaline, ana sendhange, kang mili saka ing lebak-lebak lan saka ing gunung-gunung.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:7
17 Iomraidhean Croise  

Kuldine bakal dicancang ana ing wit anggur lan belone ana ing wit anggur pilihan. Sandhangane dikumbah nganggo anggur lan jubahe ing duduhe woh anggur.


nganti sarawuhingsun prelu mboyongi sira kabeh menyang ing nagara kang kaya nagaranira iki, sawijining nagara kang sugih gandum lan anggur, sawijining nagara kang sugih roti lan kebon anggur, sawijining nagara kang sugih wit jaitun, sugih lenga lan sugih madu; kalawan mangkono sira bakal padha urip lan ora bakal padha mati. Mung bae aja padha ngrungokake tembunge Hizkia, sabab dheweke ngapusi sira kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah bakal ngluwari kita!


Paduka ingkang ngilekaken toya dhateng ing lebak-lebak, mili ing sela-selaning redi-redi,


Para leluhur padha ngemohi negara kang adi iku, padha ora ngandel marang pangandikane,


Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umatingSun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, nagara kang luber puwan lan madu, panggonane wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus.


nganti sarawuhingsun mboyongi sira kabeh menyang ing nagara kang kaya nagaranira, nagara kang murah gandum lan anggur, nagara kang sugih roti lan pakebonan anggur.


Aku arep ngrepekake kidung bab kekasihku, kidunge kekasihku bab pakebonane anggur: Kekasihku iku kagungan pakebonan anggur ana ing ereng-erenging pagunungan kang subur.


Sira wus Sunirid menyang ing tanah kang loh, supaya ngrasakna wohe lan sapametune kabeh kang becik saka ing kono. Nanging bareng sira wus lumebu ing tanahingSun, iku sira najisake, tanah kagunganingSun sira dadekake jejember.


Nuli njupuk trubusan ing tanah kono banjur ditandur ana ing pategalan kang wus kari nanduri bae; trubusan mau diprenahake ing sacedhaking banyu kang kimplah-kimplah, patrape kaya nandur wit gandarusa


Ing dina iku Ingsun supaos ana ing ngarepe manawa bakal padha Sunbekta saka ing tanah Mesir menyang ing tanah kang Sunpilih supaya dadia ebeke, nagara kang mili susu lan madu, tanah kang endah ing antarane sakehing nagara.


Kang iku padha netepana pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan lumakua ana ing dalan kang ditedahake sarta wedi-asiha marang Panjenengane;


Tanah kang sugih gandum lan sair, wit anggur, wit anjir sarta wit delima; nagara kang ana wite jaitun lan ana madune,


Satekamu ing kana kowe bakal nrenjuhi rakyat kang tentrem uripe, sarta tanahe iku jembar alang-ujure. Lah Gusti Allah wus ngulungake iku marang ing tanganmu; iku panggonan kang ora kekurangan samubarang kang ana ing salumahing bumi.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan