supados tiyang-tiyang wau sami ajrih dhumateng Paduka saha lajeng sami lumampah ing sakathahing margi pitedah Paduka ing salaminipun gesang wonten ing tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula.
Sabanjure sliramu dakaturi maringi piwulang bab sakehe pranatan lan putusan sarta dakaturi nedahake dalan kang kudu diambah sarta ayahan kang kudu dilakoni.
Bok iya tetepa anggone padha duwe bebuden mangkono iku yaiku, padha wedi-asih marang Ingsun sarta netepi pepakeningSun, supaya padha ginanjar slamet dalah anak-putune salawas-lawase.
Kabeh dalan kang ditedahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku ambahen, supaya kowe padha urip lan padha ginanjar slamet apadene dawa umurmu ana ing tanah kang bakal kokejegi.”
awitdene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu ngirid kowe lumebu ing nagara kang becik, nagara kang ana kaline, ana sendhange, kang mili saka ing lebak-lebak lan saka ing gunung-gunung.
Mung bae kowe wedia marang Sang Yehuwah lan ngabektia klawan tumemen marang Panjenengane lan klawan gumolonging atimu, amarga sumurupa, sapira gedhene prakara-prakara kang katindakake ana ing antaramu.