Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:5 - Kitab Sutji

5 Mulane kowe mangretia kang temenan, yen Sang Yehuwah, Gusti Allahmu anggone mulang marang kowe kaya pamulange wong tuwa marang anake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:5
19 Iomraidhean Croise  

Ingsun bakal dadi Ramane lan dheweke dadi putraningSun. Samangsa nglakoni kaluputan, bakal Sunukum klawan penjalin, kang dianggo ing wong, lan kalawan gebug kang ditamakake dening anak-anaking manungsa.


lan padha nerak marang katetepaningSun, sarta ora netepi pepakeningSun,


Dhuh Yehuwah, rahayu tiyang ingkang Paduka perdi, ingkang Paduka wulang saking angger-angger Paduka,


Sapa kang ora migunakake gitik, iku sengit marang anake, mangka kang asih marang anake iku aweh pamerdi ing kalamangsane.


He anakku, aja nampik marang pamerdine Sang Yehuwah, lan aja bosen marang pepengete,


awitdene Pangeran Yehuwah iku matrapi sapa wong kang disihi, iya kaya bapa anggone matrapi marang anak kang ditresnani.


Manawa pinuju begja dieling, yen dina kacilakan iku dianakake dening Gusti Allah kayadene dinaning kabegjan, supaya manungsa ora bisa nyumurupi apa kang bakal kelakon.


Sapi wanuh marang kang duwe nanging Israel ora; kuldi sumurup marang pamakanan kang kasedhiyakake dening bendarane, nanging umatingSun ora mangreti.”


Mulane sira, anaking manungsa, nyawisna kapreluaning wong buwangan lan ing wayah awan sira lumakua kayadene wong buwangan ana ing ngarepe wong-wong mau; mangkata saka ing panggonanira saiki menyang panggonan liyane kayadene wong buwangan ana ing ngarepe. Bokmanawa banjur padha ngakoni manawa padha wangkot.


Wong iku wus yakin lan banjur nyingkiri sakehing duraka kang katindakake; iku mesthi urip, ora bakal mati.


Nanging manawa kita padha tampa paukuman saka Gusti, iku kita padha kaperdi, supaya kita aja nganti kaukum barengan karo jagad.


apadene ana ing pasamunan; ana ing kono kowe wus ngalami jinangkung dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, patrape kaya wong mbopong anake, ana ing sauruting dalan kang wus padha kokambah nganti kowe tekan ing kene.


Dieling, aja nganti lali marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus didamel kalawan kowe; aja nganti kowe gawe reca kang awujud apa bae, kang dadi wewalere Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ora kepareng kokgawe.


Saka ing langit kowe krungu sabdane kang mulang kowe, lan ana ing bumi kowe diparengake ndeleng geni kang gedhe, lan krungu sakehe sabdane saka ing satengahing geni.


Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu.


Kang iku padha netepana pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan lumakua ana ing dalan kang ditedahake sarta wedi-asiha marang Panjenengane;


Sapa wong kang Sunkasihi iku Sunwelehake lan Sunrangket; marga saka iku sing sumarah lan mratobata!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan