Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:3 - Kitab Sutji

3 Mulane atimu diesorake, kowe ditegakake keluwen, sarta kowe diparingi mangan man, kang durung tau kokweruhi lan para leluhurmu iya durung tau weruh, supaya kowe ngerti yen uripe manungsa iku ora mung marga saka roti bae, nanging manungsa iku uripe marga saka samubarang kang dipangandikakake dening Sang Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:3
15 Iomraidhean Croise  

Para leluhur padha nyenyuwun, Gusti Allah nuli ndhatengake manuk gemak, sarta maregi umate kalawan roti saka ing langit.


Kumandela marang Pangeran Yehuwah lan nindakna kabecikan, tetepa pamanggonmu ana ing nagara sarta tumindaka kang setya,


Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae, nanging saka sakabehing sabda kang miyos saka ing lesaning Allah.”


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae.”


Kabeh padha mangan tunggal pangan kasukman,


Sira wus Sunirid lakunira ana ing pasamunan nganti patang puluh taun lawase, sandhanganira ora dadi lungsed, lan trumpahira ora dadi jebol ana ing sikilira;


sira ora mangan roti, anggur utawa omben-omben kang mendemi sira ora ngombe, supaya sira sumurupa yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.


Awitdene iki dudu tembung kang tanpa isi tumrap ing kowe, nanging iku uripmu, lan srana pangandika iki bakal dawa umurmu ana ing tanah kang kokparani, bakal kokenggoni, kalawan nyabrang ing bengawan Yarden.”


Nalika aku wus munggah ing gunung bakal nampani papan watu, iya papaning prasetyan damelane Pangeran Yehuwah kang wus katetepake karo kowe, aku banjur nginep ana ing dhuwur gunung kono lawase nganti patang puluh dina patang puluh bengi, ora mangan roti lan ora ngombe banyu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan