Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:20 - Kitab Sutji

20 kayadene para bangsa kang ditumpes dening Sang Yehuwah ana ing ngarepmu, mangkono uga kowe iya bakal padha katumpes, marga kowe ora padha gelem ngrungokake pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:20
10 Iomraidhean Croise  

Sang Yehuwah jumeneng Raja ing sateruse lan ing salawase. Bangsa-bangsa padha sirna saka ing tanah kagungane.


nanging padha emoh ngrungokake dhawuhingSun sarta ora nggatekake, malah padha ngakokake githoke; tumindake ngluwihi ala banget katimbang para leluhure.


malah mayite bangsa iki bakal padha dadi pakane manuk ing awang-awang sarta sato kewan ing bumi, ora ana kang munasika.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Yaiki Yerusalem! Iki Sunpapanake ana ing satengahing bangsa-bangsa lan kaubengan ing nagara-nagarane.


Manawa ing sajrone kaanan kang kaya mangkono iku sira isih meksa padha ora ngrungokake dhawuhingSun, lan lakunira isih tetep nyulayani karsaningSun,


Sapira panunggalanira kang isih urip, bakal padha tumpes ana ing tanahe mungsuhira, marga saka salahe dhewe, lan iya awit saka lupute para leluhure, mulane iya bakal padha tumpes kaya leluhure.


ing dina iki langit lan bumi dakkon nekseni, yen kowe mesthi enggal bakal tumpes sirna saka ing nagara kang padha kokparani kalawan nyabrang ing bengawan Yarden lan banjur bakal kokejegi iku; kowe ora bakal padha dawa umurmu, nanging mesthi bakal padha tumpes.


Nanging padha rumaketa marang Sang Yehuwah Allahmu dikaya anggonmu wus padha nglakoni nganti tumeka ing dina iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan