PANGANDHARING TORET 8:2 - Kitab Sutji2 Karomaneh kowe elinga, anggonmu wus dilakokake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan sajrone patang puluh taun iki, karsane ndadekake andhap-asormu lan nyoba marang kowe, supaya tetelaa apa kang ana ing sajrone atimu, yaiku apa kowe netepi pepakene apa ora. Faic an caibideil |
Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah, kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir; kang nganthi kita ana ing ara-ara samun, ing tanah kang cengkar lan legak-legok, ing tanah kang luwih dening garing lan peteng, ing tanah kang ora diambah ing wong lan ora didunungi ing manungsa?
Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahi kowe ing sabarang gegaweaning tanganmu. Panjenengane wus ngayomi panglembaramu ana ing pasamunan kang jembar ngilak-ilak iku. Salawase patang puluh taun iki Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tansah nunggil karo kowe, temah kowe ora nganti padha kekurangan apa-apa.