Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:19 - Kitab Sutji

19 Nanging saupama kowe lali marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta ngetut-buri lan ngabekti sarta sujud nyembah marang allah liyane, ing dina iki kowe dakelingake, yen mesthi bakal padha tiwas;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:19
18 Iomraidhean Croise  

Aja ngetut-buri marang allah liyane, aja kokbekteni lan koksujudi. Sira aja gawe gerahing panggalihingSun sarana gegaweane tanganira, supaya Ingsun aja nganti nekakake bilai marang sira.


ora nindhes wong ngamanca, bocah lola lan randha, ora ngwutahake getihe wong kang ora salah ana ing papan kene sarta ora ngetutwuri allah liyane kang marakake bilainira dhewe.


ing taun kapisane anggone jumeneng nata iku, aku, Dhaniel, niti-priksa ana ing kumpulan Kitab, cacahing taun, kang manut pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Yeremia bakal kelakon tumrap tumpukan gempurane kutha Yerusalem yaiku pitung puluh taun.


“Mung sira kang Sunudaneni, saka sakehe bangsa ing salumahing bumi, mulane sira bakal Sunukum marga saka sakehe kaluputanira.


Wong-wong iku ora kena kaluwaran kalawan salaka utawa mase, ing dina bebendune Sang Yehuwah; malah salumahing bumi bakal kamangsa dening genining bentere panggalihe Pangeran, marga Panjenengane ndhawahake karusakan, malah karusakan kang nggegirisi iku kacawisake kanggo sakehe wong kang padha manggon ing bumi.


“Ingsun wus numpes para bangsa, menara-menarane balowarti wus padha gempur; lurung-lurunge wus Sunrisak, nganti ora ana wong kang liwat. Kutha-kuthane wus kabongkar, nganti ora ana wonge kang ngenggoni, suwung kabeh.


Padha elinga marang Toret kang wus Sundhawuhake marang Musa, abdiningSun, nalika ana ing gunung Horeb, supaya kawartakna marang Israel kabeh, yaiku pranatan-pranatan lan pepakon-pepakon.


Ora, kandhaKu marang kowe. Nanging manawa kowe ora padha mratobat, kowe bakal padha tiwas kabeh kanthi patrap mangkono.


Aku pitutur marang kowe: Ora. Nanging manawa kowe kabeh padha ora mratobat, bakal tiwas kanthi patrap mangkono.”


Padha ngati-atia, supaya atimu aja nganti kena ing godha, temah kowe padha nyimpang sarana ngabekti lan sujud marang allah liya-liyane.


Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki.


ing dina iki langit lan bumi dakkon nekseni, yen kowe mesthi enggal bakal tumpes sirna saka ing nagara kang padha kokparani kalawan nyabrang ing bengawan Yarden lan banjur bakal kokejegi iku; kowe ora bakal padha dawa umurmu, nanging mesthi bakal padha tumpes.


titenana temenan, yen Sang Yehuwah Gusti Allahmu mesthi bakal ora nundhungi para bangsa iku maneh saka ing ngarepmu, malah iku bakal padha dadi kala lan jiret tumrap ing kowe, tuwin dadi pecut tumrap ing lambungmu, apadene dadi klilip ana ing mripatmu, nganti kowe padha tumpes sirna saka ing tanah kang becik peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe iki.


Nanging manawa kowe ndlarung nglakoni ala, kowe bakal disirnakake, iya kowe iya ratumu.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan