Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:18 - Kitab Sutji

18 Nanging kowe elinga marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit iya Panjenengane iku kang maringi kakuwatan marang kowe nganti kowe bisa oleh kasugihan, karsane ngiyatake prasetyane kang wus didhawuhake marang para leluhurmu kalawan supaos, kaya dene ing dina iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:18
19 Iomraidhean Croise  

Wedhus wadon rong atus, wedhus berok lanang rong puluh, wedhus gembel wadon rong atus, kang lanang rong puluh.


Amargi kasugihan saha kamulyan punika pinangkanipun saking Paduka saha Paduka ingkang nguwaosi samukawis; kakiyatan saha kaunggulan punika wonten ing asta Paduka; Paduka ingkang ngasta pangwaos ngagengaken saha nyantosakaken samukawis sadaya.


Sang Prabu Amazia tumuli ngandika marang abdining Allah mau: “Lah banjur kapriye dhuwit satus talenta kang wus sunparingake marang wadya-bala Israel iku?” Atur wangsulane abdining Allah: “Pangeran Yehuwah saged maringi dhumateng paduka langkung saking samanten!”


Anggitane Prabu Dawud. Pinujia Pangeran Yehuwah peparangku, kang mulang perang tanganku, nggladhi tarung drijiku,


Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka, nanging para leluhur sami Paduka tanem, suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara, nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar.


Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake, ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.


Elinga marang kang nitahake kowe ing sajrone isih anom, sadurunge satekane dina-dina kang ala lan taun-taun, kang kokkandhakake mangkene: “Ing nalika iku aku ora duwe kasenengan!”,


Aku sumurup maneh ana ing sangisoring langit, yen ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, lan kaunggulaning perjuangan iku ora kanggo wong kang santosa, uga pangan iku ora kanggo wong kang wicaksana, kasugihan ora kanggo wong kang pinter, sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabeh padha mbarengi mangsa-kalane tuwin pancen nasibe mangkono.


kang ngrantam supaya umatingSun padha lali marang Ingsun kalawan impen-impen, kang dikandhakake nabi siji marang sijine, padha kayadene para leluhurira, kang lali marang asmaningSun marga saka Baal?


Mulane Ingsun bakal mundhut baline gandumingSun ing kala mangsane, lan angguringSun ing saben wektune, apadene ngrampas wol lan lenaningSun kang kanggo nutupi kawirangane.


Milanipun ing samangke kawula nyaosaken wiwitaning pamedalipun siti peparing Paduka dhateng kawula punika, dhuh Yehuwah. Sawuse mangkono sesaosanmu mau selehna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan kowe banjur sujuda ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


sarta omah-omah kang kebak isi dandanan warna-warna kang becik, mangka dudu kowe kang ngiseni; sarta sumur-sumur mangka dudu kowe kang ndhudhuk, apadene pakebonan anggur lan pakebonan jaitun kang dudu tanduranmu –, lan samangsa kowe wus mangan nganti wareg,


“Sarta bakal kelakon, sarehne kowe padha nilingake lan nglakoni pranatan-pranatan iku kalawan temen-temen, mulane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal netepi prasetyan lan sih-kadarmane kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.


nanging marga Pangeran Yehuwah ngasihi marang kowe lan karsa netepi supaose kang didhawuhake marang para leluhurmu, mulane kowe padha dientasake kalawan asta kang rosa lan ditebus saka ing omah pangawulan, saka ing astane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir.


“Sakehe pepakon, kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha lakonana kalawan temen-temen, supaya kowe padha lestari urip lan tangkar-tumangkar, sarta padha bisa lumebu sarta ngejegi nagara kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu.


Wong Israel padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah lan padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe tuwin padha ngabekti marang para Baal lan para Asyera.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Sang Gidheon: “Bala kang melu sira iku kakehen tumrap ing karsaningSun anggoningSun bakal masrahake wong Midian marang ing tangane wong Israel, supaya ora padha gumunggung ana ing ngarsaningSun karo kandha: Tanganku dhewe kang mitulungi aku.


Sang Yehuwah paring mlarat lan sugih, Panjenengane ngesorake lan ngunggulake uga.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan