Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:17 - Kitab Sutji

17 Mulane kowe aja nganti padha duwe osik ing atimu: Pangwasaku lan karosanku kang njalari aku oleh kasugihan iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:17
17 Iomraidhean Croise  

manawa aku bungah marga saka gedhening kasugihanku lan marga tanganku ngolehake raja-brana nganti akeh banget,


Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka, nanging para leluhur sami Paduka tanem, suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara, nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar.


Ana wayahe nggoleki, ana wayahe ngeklasake ilanging barang; ana wayahe nyimpen, ana wayahe mbuwang.


Aku sumurup maneh ana ing sangisoring langit, yen ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, lan kaunggulaning perjuangan iku ora kanggo wong kang santosa, uga pangan iku ora kanggo wong kang wicaksana, kasugihan ora kanggo wong kang pinter, sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabeh padha mbarengi mangsa-kalane tuwin pancen nasibe mangkono.


Mayite wong-wong padha kleleran kaya rabuk ana ing pategalan, kaya bentelan gandum ing saburining wong kang padha ngeneni, lan ora ana kang nglumpukake.”


Marga saka bangeting pinterira dedagangan kasugihanira dadi akeh lan iku njalari sira banjur gumunggung.


Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes – bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!”


Sang Prabu banjur nglairake pangandika mangkene: “Apa iki dudu Babil kang gedhe, kang wus ingsun bangun dadi kutha karajan kalawan kakuwataning pangwaosingsun lan kanggo kaluhuraning kamulyaningsun?”


Padha kaya Kanaan, kang nyekel traju kang cidra, lan kang seneng memeres,


Mila jaringipun dipun sajeni kurban, sarta jalanipun dipun sajeni kurban obaran; awit pirantos-pirantos punika ingkang njalari angsal-angsalanipun kathah lan rejekinipun tirah-tirah.


Awit sapa ta kang nganggep kowe iku kinacek? Lan apa ta kang kokdarbeni kang ora saka anggonmu tampa? Dene yen marga saka anggonmu tampa, yagene kowe kok kumlungkung, kaya-kaya ora saka anggonmu tampa?


Saupama kowe duwe osik: Bangsa-bangsa iku cacahe ngungkuli bangsaku, kapriye anggonku bisa nundhungi?,


Anadene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus nundhungi bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, kowe aja padha duwe osik ing atimu: Marga saka lelabetanku Pangeran Yehuwah anggone ngirid aku lumebu lan ngebeki nagara iki; sanyatane marga saka pamblasare bangsa-bangsa iku anggone padha ditundhungi metu dening Sang Yehuwah saka ing ngarepmu.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Sang Gidheon: “Bala kang melu sira iku kakehen tumrap ing karsaningSun anggoningSun bakal masrahake wong Midian marang ing tangane wong Israel, supaya ora padha gumunggung ana ing ngarsaningSun karo kandha: Tanganku dhewe kang mitulungi aku.


Sang Yehuwah paring mlarat lan sugih, Panjenengane ngesorake lan ngunggulake uga.


Nanging Sang Dawud ngandika: “He para sadulur, aja padha tumindak kaya mangkono, tumrap apa-apa kang wus diparingake Sang Yehuwah marang kita. Panjenengane wis ngayomi kita lan masrahake grombolan kang nempuh kita marang ing tangan kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan