Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:15 - Kitab Sutji

15 tuwin kang wus ngirid lakumu ngliwati pasamunan kang amba lan nggegirisi, panggonan ula mandi lan kalajengking, kang tanahe garing tanpa banyu. Panjenengane kang damel metune banyu saka ing gunung parang kang atos kanggo kowe;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:15
16 Iomraidhean Croise  

Pangeran mbengkahake parang, banjur ana banyu mancur, kang mili kaya kali ana ing tanah garing.


kang ngowahi parang dadi blumbang, tuwin watu kang atos dadi sendhang.


Gusti Allah kang ngirid lakune umate metu ing segara wedhi, awit langgeng sih-kadarmane.


Wangsit bab kewan-kewan ing Tanah Negeb. Ngliwati nagara kang kebak karupekan lan sangsara, papaning singa wadon lan singa lanang kang padha nggero papaning ula bedhudhak lan ula naga kang padha mabur, wong-wong mau anggone padha nggawani raja-branane kamomotake ing gegere kuldi, lan barang darbeke ign punuking unta, arep diwenehake marang bangsa kang ora bisa aweh kauntungan,


tanah pawedhen kang anget bakal dadi blumbang, lan tanah kang ngerak bakal dadi sumber; papan pandhodhotaning asu ajag bakal kathukulan tebu lan pandhan.


Lah Ingsun karsa damel kang anyar, kang saiki wus tuwuh, apa sira durung sumurup? Malah Ingsun bakal karya dalan ana ing ara-ara samun lan kali-kali ana ing pasamunan.


Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah, kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir; kang nganthi kita ana ing ara-ara samun, ing tanah kang cengkar lan legak-legok, ing tanah kang luwih dening garing lan peteng, ing tanah kang ora diambah ing wong lan ora didunungi ing manungsa?


Ingsun kang wanuh sira ana ing pasamunan, tanah kang banget panase.


Nabi Musa banjur ngangkat astane, sarta nggebag parange kalawan tekene nganti rambah ping pindho, banjur metu banyune akeh, temah wong-wong dalah kewane padha bisa ngombe.


Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake ula mandi marang umat iku, kang banjur padha nyakoti wong akeh, temah panunggalane bangsa Israel akeh kang padha mati.


lan kabeh padha ngombe tunggal omben-omben kasukman, awit padha ngombe saka ing parang kasukman kang ngetutake lakune, dene parang mau yaiku Sang Kristus.


“Sawuse mangkono kita banjur padha budhal saka ing gunung Horeb, lan padha ngliwati sawratane pasamunan kang jembar lan nggegirisi kang wus padha kokdeleng iku, njujug ing pagunungane bangsa Amori, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allah kita marang kita; banjur padha tekan ing Kadesy-Barnea.


Diyasakake tetunggangan kang bisa ngambah ing tengger-tenggering bumi, diparingi pangan pametune pategalan, didadekake nesep madu saka ing gunung parang lan lenga saka ing watu kelang,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan