Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:14 - Kitab Sutji

14 atimu aja nganti gumunggung, temah lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:14
22 Iomraidhean Croise  

Pancen panjenengan sampun ngawonaken Edom, mila lajeng gumunggung. Bok inggih sampun cekap kagem panjenengan, angsal kaluhuran samanten punika, sarta kula aturi wonten ing dalem kemawon. Punapa ta prelunipun panjenengan kok nantang dhateng bilai, satemah panjenengan lajeng dhawah dalah Yehuda pisan sareng kaliyan panjenengan?”


Sira aja padha lali marang prajanjian kang wus Ingsun anakake kalawan sira kabeh sarta sira aja padha ngabekti marang allah liyane,


Bareng Sang Nata wus santosa, banjur gumunggung lan nindakake bab kang gawe rusak. Panjenengane ora setya maneh marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, sarta kumawani lumebet ing Padaleman Suci prelu mbesmi dupa ana ing misbyah padupan.


Nanging Sang Prabu Hizkia ora ngatingalake panuwune tumrap kasaenan kang kaparingake marang panjenengane, marga Sang Nata dadi angkuh, satemah panjenengane lan Yehuda sarta Yerusalem banjur katempuh ing bebendu.


Padha lali marang Gusti Allah juru Pangluwarane, kang wus nindakake prakara-prakara kang gedhe ana ing tanah Mesir;


supaya padha kumandela marang Gusti Allah, lan aja lali marang sakabehing pakaryane, nanging padha netepana dhawuh-dhawuhe;


Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Sira iku tedhak turune sapa? Gatekna dhawuh pangandikane Sang Yehuwah! Apa Ingsun wus dadi ara-ara samun tumrap Israel utawa tanah kang peteng ndhedhet? Yagene umatingSun kok ngucap: Kawula sampun mardika, kawula sami boten purun sowan malih dhateng ing ngarsa Paduka?


Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah, kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir; kang nganthi kita ana ing ara-ara samun, ing tanah kang cengkar lan legak-legok, ing tanah kang luwih dening garing lan peteng, ing tanah kang ora diambah ing wong lan ora didunungi ing manungsa?


kang ngrantam supaya umatingSun padha lali marang Ingsun kalawan impen-impen, kang dikandhakake nabi siji marang sijine, padha kayadene para leluhurira, kang lali marang asmaningSun marga saka Baal?


Bareng wadya-bala kang akeh iku wus kabengkas, atine temah dadi gumunggung; ewadene sanadyan wus nyirnakake wong pirang-pirang puluh ewu, pangwasane ora lestari.


Bareng wus padha mangan suket, banjur bisa wareg, bareng wus wareg, nuli kumalungkung, temahan padha lali marang Ingsun.


Tampar mau dadia pepeling marang sira, supaya samangsa sira padha ndeleng iku, sira padha elinga marang sakehe pepakene Sang Yehuwah, sarta padha sira estokna, aja nganti nuruti atinira lan pamawasing mripatira maneh, kaya kang wus kerep sira tindakake, yaiku anggonira ora setya marang Pangeran Yehuwah.


Saupama sadulurmu lanang, anake biyungmu utawa anakmu lanang utawa wadon, utawa somahmu dhewe utawa mitramu, kalawan dhedhemitan mbujuk marang kowe, pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu,


supaya aja nganti ngluhurake awake dhewe ngungkuli para sadulure, aja nyleweng saka pepakon, manengen utawa mangiwa, supaya suwe anggone mrentah, iya dheweke dhewe lan anak-putune ana ing satengahe wong Israel.”


Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu.


Ingsun iku Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan.


sarta omah-omah kang kebak isi dandanan warna-warna kang becik, mangka dudu kowe kang ngiseni; sarta sumur-sumur mangka dudu kowe kang ndhudhuk, apadene pakebonan anggur lan pakebonan jaitun kang dudu tanduranmu –, lan samangsa kowe wus mangan nganti wareg,


Dingati-ati, aja nganti lali marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nganti ora netepi pepakene, pranatane lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki;


sarta samangsa sapi lan wedhusmu wus padha ngambra-ambra, apadene emas lan salakamu wus mundhak akeh, iya sabarang darbekmu saya wuwuh-wuwuh,


Wong Israel padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah lan padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe tuwin padha ngabekti marang para Baal lan para Asyera.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan