Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:12 - Kitab Sutji

12 lan samangsa kowe wus mangan nganti wareg, supaya banjur padha gawe omah kang becik kang padha kokenggoni,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:12
13 Iomraidhean Croise  

Supados manawi kawula tuwuk, sampun ngantos selak dhateng Paduka kaliyan wicanten: Pangeran Yehuwah iku sapa? Utawi manawi kacingkrangan sampun ngantos purun nyolong, satemah nyawiyah dhateng asmanipun Gusti Allah kawula.


Aku nglakoni panggawe-panggawe kang wigati: aku yasa omah pirang-pirang, nanduri pakebonan anggur akeh,


kang padha celathu: Wektune mbangun omah isih tangeh, kutha iki kendhile, dene kita padha dadi daginge.


Sarehne sira padha ngidak-idak marang wong apes, sarta gandume kokpajegi, mulane sanadyan sira wus padha gawe omah watu tatahan, nanging iku bakal ora sira enggoni; sanadyan sira wus gawe pakebonan anggur kang endah, nanging sira ora bakal ngombe anggure.


“Apa iya wus tekan titi-mangsane sira padha manggon ana ing omahira dhewe kang linapis gebyog apik, mangka Padaleman iki tetep dadi jugrugan?


Uga kaya kang kalakon nalika jamane Lut: wong-wong padha mangan lan ngombe, padha dol-tinuku, padha nenandur lan padha yeyasa.


“Sarehne kowe ora gelem dadi abdine Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan bungah lan legawaning ati, sanadyan wus kaluberan ing samubarang kabeh,


Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki.


Yesyurun nuli dadi lemu, sarta nyepak-nyepak memburi, – kowe tambah lemu, mblenek lan gimblah-gimblah –, banjur ninggal marang Gusti Allah kang nitahake lan ngremehake gunung paranging karahayone.


Anadene besuk samangsa wus kelakon kowe diirid dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu lumebu ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu, Abraham, Iskak lan Yakub, bakal diparingake marang kowe, – kutha-kutha kang gedhe lan endah kang dudu yasanmu,


sarta samangsa sapi lan wedhusmu wus padha ngambra-ambra, apadene emas lan salakamu wus mundhak akeh, iya sabarang darbekmu saya wuwuh-wuwuh,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan