Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:10 - Kitab Sutji

10 Kowe bakal mangan nganti wareg, lan kowe banjur bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marga saka nagara kang becik kang diparingake marang kowe iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:10
14 Iomraidhean Croise  

Amargi sinten ta kawula punika saha punapa ta bangsa kawula punika, dene kawula sami saged ngunjukaken pisungsung manasuka kadosdene sapunika punika? Awit saking Paduka pinangkanipun samukawis sadaya saha inggih saking asta Paduka piyambak pinangkanipun pisungsung ingkang sami kawula unjukaken dhumateng Paduka punika.


Dhuh nyawaku, saosa puji marang Pangeran Yehuwah, lan aja lali marang sakehing kasaenane!


Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamu lan srana kawitaning sakehe pametumu;


Aku arep ngrepekake kidung bab kekasihku, kidunge kekasihku bab pakebonane anggur: Kekasihku iku kagungan pakebonan anggur ana ing ereng-erenging pagunungan kang subur.


Sira bakal padha mangan akeh, nganti wareg, sarta sira bakal memuji asmane Sang Yehuwah, Allahira, kang wus nandukake kaelokan marang sira, karodene umatingSun ora bakal nandhang wirang ing salawas-lawase.


Wong akeh mau banjur padha didhawuhi linggih ana ing pasuketan. Lan sawise nampani roti lima karo iwak loro mau, Gusti Yesus banjur tumenga marang ing langit ndedonga nyuwun berkah, tumuli rotine dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat, lan para sakabat kang ngedum marang wong akeh mau.


Nanging tumuli ana prau liyane sawatara teka saka ing Tiberias ana ing sacedhake panggonan mangan roti sawuse Gusti caos sokur mau.


Sing sapa ngajeni marang sawijining dina, iku anggone ngajeni kagem Gusti. Lan sing sapa mangan, iku pamangane cumadhang ing Gusti, marga wong iku saos sokur marang Gusti Allah. Lan sing sapa ora mangan, anggone ora mangan iku iya cumadhang ing Gusti, lan uga saos sokur marang Gusti Allah.


Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah.


Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki.


nagara kang ora kekurangan pangan, lan kowe ora bakal padha kekurangan apa-apa; nagara kang watune ngandhut wesi lan saka ing gununge kowe bakal ndhudhuk tembaga.


Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang dikarsakake dening Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan