Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 8:1 - Kitab Sutji

1 “Sakehe pepakon, kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha lakonana kalawan temen-temen, supaya kowe padha lestari urip lan tangkar-tumangkar, sarta padha bisa lumebu sarta ngejegi nagara kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 8:1
9 Iomraidhean Croise  

Ingsun iki Yehuwah Allahira. Padha lumakua manut ing katetepaningSun sarta padha nindakna pranataningSun kalawan setya,


Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan saturun-turune.”


“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.


Kang iku kowe padha nglakonana apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe iku kalawan tumemen, sarta aja nyimpang mangiwa utawa manengen.


Kabeh dalan kang ditedahake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku ambahen, supaya kowe padha urip lan padha ginanjar slamet apadene dawa umurmu ana ing tanah kang bakal kokejegi.”


Nanging kowe elinga marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit iya Panjenengane iku kang maringi kakuwatan marang kowe nganti kowe bisa oleh kasugihan, karsane ngiyatake prasetyane kang wus didhawuhake marang para leluhurmu kalawan supaos, kaya dene ing dina iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan