PANGANDHARING TORET 7:9 - Kitab Sutji9 Kang iku sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang jumeneng Allah, Gusti Allah kang setya-tuhu, kang netepi prasetya lan sih-kadarmane tumrap kang padha tresna ing Panjenengane lan netepi dhawuh-dhawuhe, nganti pirang-pirang ewu turunan, Faic an caibideil |
Lah sapunika, dhuh Allah kawula, Gusti Allah ingkang mahaagung, santosa lan nggegirisi, ingkang ngekahi ing prasetya saha sih-kadarmanipun, sampun ngantos Paduka galih remeh sakathahing kasisahan ingkang sampun sami kawula sandhang, inggih ratu-ratu kawula, panuntun-panuntun kawula, imam-imam kawula, nabi-nabi kawula, saha para leluhur kawula, malah inggih umat Paduka sadaya, wiwit jamanipun para raja ing Asyur dumugi sapunika.
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebuse Israel, Gusti Allahe Kang Mahasuci, marang kang diremehake dening wong, marang kang dianggep njijiki dening para bangsa, marang abdining para kang nyekel pangwasa: “Para ratu bakal nyumurupi pandamelingSun, lan banjur padha ngadeg ngunjukake kurmat, tuwin para panggedhe bakal padha sujud nyembah, marga saka Pangeran Yehuwah kang setya marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang wus milih sira.”
Sang Malaekating Yehuwah nuli tindak saka ing Gilgal menyang ing Bokhim sarta ngandika: “Ingsun wus ngirid lakunira metu saka ing tanah Mesir, lan sira padha Sunlebokake ing tanah kang wus Sunprasetyakake kanthi supaos marang para leluhurira klawan pangandika: Ingsun ora bakal nyandekake prasetyaningSun klawan sira ing salawas-lawase,