PANGANDHARING TORET 7:8 - Kitab Sutji8 nanging marga Pangeran Yehuwah ngasihi marang kowe lan karsa netepi supaose kang didhawuhake marang para leluhurmu, mulane kowe padha dientasake kalawan asta kang rosa lan ditebus saka ing omah pangawulan, saka ing astane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir. Faic an caibideil |
Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang sampun karenan dhumateng panjenengan, satemah lajeng nglenggahaken panjenengan ing dhamparing karajan Israel! Sarehne Pangeran Yehuwah asih dhateng tiyang Israel ing salami-laminipun, mila nunten njumenengaken panjenengan dados ratu supados nindakaken kaadilan saha kaleresan.”
Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang karenan dhateng panjenengan, ngantos panjenengan lajeng kalenggahaken ing dhamparipun, kadadosaken ratu kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan! Ing sarehne Gusti Allah penjenengan asih dhateng tiyang Israel, mila kalestantunaken ing salami-laminipun, dene panjenengan kadadosaken ratunipun supados nindakaken kaadilan lan kaleresan.”
Paduka mugi karsaa enget dhateng abdi Paduka, Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Israel, ingkang sampun Paduka paringi prasetya kanthi supaos dhemi sarira Paduka pribadi saha sami Paduka pangandikani: Turunira bakal Suntangkar-tangkarake nganti kaya lintang ing langit, lan tanah kang wus Sunjanjekake iku kabeh bakal Sunparingake marang turunira, supaya dadi darbeke ing salawas-lawase.”
Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?