Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 7:5 - Kitab Sutji

5 Nanging bangsa-bangsa iku padha etrapana mangkene: Misbyahe padha rubuhna, lan tugu-tugune brahala padha remukana, saka-sakane brahala padha sirnakna, lan reca-recane padha kaobonga nganti entek.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 7:5
16 Iomraidhean Croise  

Sakehe brahala kabuyutane Baal diwetokake, banjur kaobong.


Wong Filisti padha ninggal allah-allahe ana ing kono, lan awit saka dhawuhe Sang Prabu Dawud iku padha kaobongan nganti tapis dening wong Israel.


Misbyah-misbyah asing lan tengger-tengger pangurbanan padha kasingkirake, tugu-tugu brahala padha digempuri, sarta saka-saka brahala padha disirnakake.


Sira aja sujud utawa ngabekti marang allahe lan aja niru panggawene, malah padha sira sirnakna babar pisan reca-reca brahala gegaweane.


Reca pedhet gaweane wong-wong mau banjur dipundhut dening Nabi Musa, diobong sarta diejur-ejur nganti dadi lembut banget, tumuli disawurake ing banyu lan wong Israel padha didhawuhi ngombe banyu iku.


Malah misbyah-misbyahe padha sira rubuhna, tugu-tugune brahala padha sira remukana, kayu-kayu pepundhene sira tegorana.


ora bakal mandeng marang misblyah-misbyah gaweane tangane dhewe, lan ora bakal nyawang marang garapaning tangane, yaiku tugu-tugu brahala lan padupan-padupan.


“Sira aja gawe sesembahan brahala, lan reca tatahan utawa tugu brahala aja sira degake kanggo sira, uga watu ukir-ukiran aja sira dekek ana ing tanahira kanggo pasujudan, awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.


wong kang manggon ing kono nuli padha sira tundhungana kabeh saka ing ngarepira, lan sakehe watu ukir-ukirane padha sira sirnakna, karodene sakehe reca cithakan iya padha sira gempurana, dalah sakehe tengger pepundhene padha sira bubrahana.


“Kowe aja nandur sadhengaha wit minangka saka brahala sandhing misbyahe Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, misbyah kang bakal kokgawe kanggo kowe;


lan iya aja ngadegake tugu brahala, marga iku disengiti dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Reca-recane allahe padha obongen nganti entek, salaka lan mase aja kokmeliki lan aja kokepek dhewe, supaya kowe aja nganti kena kala; awitdene iku jember mungguh ing ngatase Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Nanging wohing panggawemu kang dosa, yaiku reca pedhet mau dakjupuk lan dakobong, nuli dakgecak lan dakgiling nganti lembute sabledug; bubukane banjur dakbuwang menyang ing kali kang mili saka ing gunung.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan