Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 7:4 - Kitab Sutji

4 awitdene anakira lanang mesthi bakal didadekake nyimpang saka Ingsun, satemah padha ngabekti marang allah liyane. Manawa mangkono bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe lan kowe enggal bakal katumpes.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 7:4
14 Iomraidhean Croise  

Anggone lumampah ing sajroning dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat iku kaya-kaya durung cukup, mulane banjur mundhut garwa Sang Putri Izebel, putrane putri Sang Prabu Etbaal ratu ing Sidon, satemah panjenengane nuli ngabekti marang Baal kalawan disujudi lan disembah.


Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,


Manawa sira njupuk anak-anake wadon sira olehake anak-anakira, lan anake wadon iku samangsa padha bebedhangan kalawan ngetut-buri marang allahe, iku mesthi bakal mbujuk anak-anakira supaya laku bedhang kalawan ngetut-buri marang allahe mau.


supaya kowe aja nganti padha diwuruki niru marang sakehe jejember kang padha dilakoni kanggo allahe, temah kowe padha dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


ing dina iki langit lan bumi dakkon nekseni, yen kowe mesthi enggal bakal tumpes sirna saka ing nagara kang padha kokparani kalawan nyabrang ing bengawan Yarden lan banjur bakal kokejegi iku; kowe ora bakal padha dawa umurmu, nanging mesthi bakal padha tumpes.


awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku Allah kang butajengan ana ing tengahmu, supaya aja nganti bebendune Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu mulad-mulad marang kowe, temah kowe ditumpes kasirnakake saka ing bumi.


Bareng wus ketemu karo wong bani Ruben lan wong bani Gad tuwin separoning talere Manasye ana ing tanah Gilead, wong-wong iku tumuli padha dipituturi mangkene:


Amarga manawa kowe padha mreduli lan padha rumaket marang kekarene para bangsa kang isih kari ana ing antaramu iki, malah nganti padha bebesanan lan sesrawungan karo wong-wong iku


Wong Israel tumuli padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, padha ngabekti marang para Baal.


Manawa bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, pangandikane mangkene: “Sarehne bangsa iki nerak prasetyaningSun, kang wus Sundhawuhake marang para leluhure, lan padha ora nggatekake marang dhawuhingSun,


Wong Israel padha ngalap anake wadon dadi bojone lan anake wadon padha diolehake karo anake lanang wong-wong iku, sarta padha ngabekti marang para allahe wong-wong iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan